Page 17 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 17

(3) Yen ana ing swasana gegojegan, guyonan, bedhekan, swasana entheng bisa
                    pas nggunakake tembang apa ?
                (4) Tembang Dhandhanggula iku trep ditembangake ana ing swasana apa?
                (5) Apa bedane katilik saka swasana, tembang Dhandhanggula karo tembang
                    liyane?

            Tugas 3 : Nintingi Isi Tembang Macapat Dhandhanggula
                   Tembang  Macapat  iku mujudake  karya  sastra kang  lumrahe  ditulis kanthi
            basa  rinengga.  Mula  saka  iku,  kanggo  mangerteni  isine  tembang  mau  kudu
            digancarake luwih dhisik. Sing diarani gancaran yaiku prosa (karangan bebas). Dadi
            nggancarake tembang ateges ngowahi tembang dadi prosa. Carane nggancarake
            tembang kaya mangkene:
               1.  Negesi saben tembung kanthi nggoleki ing bausastra (Kamus Basa Jawa)
               2.  Ngrakit  tembung-tembung  mau  dadi  ukara  kanthi  paugeran  panulise
                  karangan  gancaran/prosa,  kanthi  cara  bisa  nambahi  tembung  katrangan,
                  tembung panggandheng.
               3.  Panulisane kudu ngugemi tata tulis lan tandha wacan sing bener.

            Semaken tembang Dhandhanggula saka serat Nayakawara ing ngisor iki!
                 Werdining kang wasita jinarwi,
                 wruh ing kukum iku watekira,
                 adoh marang kanisthane,
                 pamicara puniku,
                 weh resepe ingkang miyarsi,
                 tatakrama puniku,
                 ngedohke panyendhu,
                 kagunan iku kinarya,
                 ngupa boga dene kalakuan becik,
                 weh rahayuning raga.

                Tegese tembung-tembung sing angel
                werdi      : makna
                warsita    : pitutur
                jinarwi    : kandha, dikandhakake
                kanisthan : tumindak ala
                miyarsi    : ndelok
                kagunan  : kabisan/ketrampilan
                boga       : pangan
                rahayu     : slamet
   12   13   14   15   16   17   18   19   20   21   22