Page 21 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 21

Kegiatan 2 : Mangun Teks Tembang Macapat Kanthi Klompok


            Tugas 1 : Nyemak Struktur Teks Tembang Dhandhanggula
                   Tembang Dhandhanggula iku kaya sing wis dijlentrehake ana ing ngarep
            menawa ing paugerane kadadeyan saka 10 (sepuluh) gatra, dene guru lagu lan
            guru wilangane kaya mangkene :
                   Gatra sepisan guru wilangan lan guru lagune        : 10 i
                   Gatra kaping 2 guru wilangan lan guru lagune       : 10 a
                   Gatra kaping 3 guru wilangan lan guru lagune       : 8 e
                   Gatra kaping 4 guru wilangan lan guru lagune       : 7 u
                   Gatra kaping 5 guru wilangan lan guru lagune       : 9 i
                   Gatra kaping 6 guru wilangan lan guru lagune       : 7 a
                   Gatra kaping 7 guru wilangan lan guru lagune       : 6 u
                   Gatra kaping 8 guru wilangan lan guru lagune       : 8a
                   Gatra kaping 9 guru wilangan lan guru lagune       : 12 i
                   Gatra kaping 10 guru wilangan lan guru lagune      : 7 a

               Gladhen :
                   Tembang  Dhandhanggula  ing  ngisor  iki  urutna  miturut  paugerane  (guru
                   gatra, guru wilangan, lan guru lagu) kanthi cara ngetung guru wilangan lan
                   guru lagune!
                   1.  makarya sabisanya
                   2.  mula sira padha ngati-ati
                   3.  sokur bage yen bisa
                   4.  dimen ora ngisin-isini
                   5.  nggennya ngecakake pasrawungan
                   6.  aja nrajang winatese
                   7.  nadyan sembur-sembur adas
                   8.  mring angger-anggeripun
                   9.  urun-urun rembug
                   10. amemayu hayune negara iki

            Tugas 2: Nembang Dhandhanggula Bebarengan
                        Supaya bisa nembangake tembang macapat sing perlu digatekake kudu
                 bisa  maca  titi  laras.  Titi  laras  iku  sing  bisa  kanggo  cekelan,  kanggo  sinau
                 nembang.  Ayo  bebarengan  mirengake  tuladhane  Bapak/  Ibu  Guru  maos  titi
                 laras kang wus tinulis ing bukumu iki. Sawise Bapak/ Ibu Guru maos, bocah-
                 bocah nirokake. Yen wis lanyah titilarase banjur ganti cakepane.
   16   17   18   19   20   21   22   23   24   25   26