Page 16 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 16

1.  Kepriye paugerane: guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ing pada 1 ?
            2.  Kepriye paugerane: guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ing pada 2 ?
            3.  Apa bedane antarane tembang pada 1 lan pada 2 ?
            4.  Kagolong tembang apa pada 1 iku ?
            5.  Tembang kang pada ka 2 iku kagolong tembang apa ?

            Tugas 2 : Nyemak Watak Tembang Dhandhanggula
                  Tembang macapat jinise ana 11. Saliyane nduweni paugeran kang pinathok
            saben  jinis  tembang  macapat  uga  nduweni  watak  dhewe-dhewe.  Kanggo  luwih
            cethane ngenani watak tembang macapat bisa dideleng ing tabel ngisor iki:

                      No          Tembang                         Watak
                       1   Mijil                     gandrung, prihatin
                       2   Sinom                     wantah
                       3   Maskumambang              nelangsa, prihatin banget
                       4   Sinom                     sereng
                       5   Durma                     nepsu, sereng banget
                       6   Kinanthi                  asih asuh
                       7   Asmaradana                prihatin, welas
                       8   Dhandhanggula             luwes, manis
                       9   Gambuh                    rada sereng

                      10   Megatruh                  prihatin, getun

                      11   Pucung                    sakepenake

                  Mligi watak tembang Dhangdhanggula, watake luwes lan manis. Watak luwes
            tegese watak kang kinandhut ing tembang Dhandhanggula kanggo medhar rasa
            pangrasa, bisa isi pitutur, piwulang, tresna asih, asah, lan asuh. Watak manis tegese
            pamedhare pitutur, piwulang, tresna asih kanthi tetembungan sing manis, endah,
            lan kebak pasemon ing pangajab nuwuhake rasa pangrasa luwih nges.

            Gladhen :
               Jawaben pitakon ing ngisor iki kanthi gamblang :
                (1) Manawa ana ing pagelaran tumuju ing swasana sedhih, umpamane salah
                    sawijining paraga ditinggal seda karo wong tuwane, tembang apa kang pas
                    kanggo swasana kaya ngono iku mau ? Apa alasanmu ?
                (2) Manawa ana ing pagelaran salah sawijining paraga atine lagi seneng oleh
                    pangalembana saka wong sing ditresnani, tembang apa kang pas kanggo
                    swasana kaya ngono iku mau ? apa alasanmu ?
   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20   21