Page 20 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 20

Pamilihe tembung kasebut ora ngowahi teges amarga tegese padha, sing kaya
            mangkono kuwi diarani dasanama.  Dasanama kuwi tembung pirang-pirang kang
            nduweni teges siji utawa padha.

            Gladhen :
            Gatekna tembang iki !

                 Pamedhare wasitaning ati,
                 cumantaka aniru Pujangga,
                 dahat mudha ing batine,
                 nanging kedah ginunggung,
                 datan weruh yen keh ngesemi,
                 ameksa angrumpaka,
                 basa kang kalantur,
                 tutur kang katula-tula,
                 tinalaten rinuruh kalawan ririh,
                 mrih padhanging sasmita.

                        Sasmitaning ngaurip puniki,
                        mapan ewuh yen ora weruha,
                        tan jumeneng ing uripe,
                        akeh kang ngaku-aku,
                        pangrasane sampun udani,
                        tur durung wruh ing rasa,
                        rasa kang satuhu,
                        rasaning rasa punika,
                        upayanen darapon sampurna ugi,
                        ing kauripanira.

                 Golekana tetembungan kang bisa nyengkuyung endahe tembang iku, saengga
                 nuduhake  yen  pangripta  ora  nggunakake tetembungan  kang  salugune kang
                 gampang dimangerteni dening bebrayan!
                      No           Tembunge                           Tegese
                       1
                       2
                       3
                       4
                       5
   15   16   17   18   19   20   21   22   23   24   25