Page 23 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 23

temen  bocah  saiki  arang  kang  tlaten  ngoceki  piwulang  kang  kinandhut  ing
                 tembang-tembang.
                        Kepriye to carane ndhudhah tinggalane para leluhur kita iki supaya kita
                 kabeh bisa njupuk piwulang kang adi luhung iku?
                        Ya,  carane  tetembangan  mau  supaya  bisa dimangerteni  dening sapa
                 bae kudu digancarake luwih dhisik (kaya piwulangan sing wis kita tindakake).
                 Sawise  digancarake  lan  dingerteni  maknane,  tembang  mau  bakal  luwih
                 gamblang menawa dicritakake maneh nganggo basa kang lumrah digunakake
                 ing jaman saiki. Kanthi mangkono, apa sing dikarepake dening pangripta bisa
                 katampa dening kita kabeh lan bisa dadi piwulang kang becik.

               Gladhen :
                   Ayo  tembang  Dhandhanggula  sing  wis  kokgancarake  ing  piwulangan
                   sadurunge  iki  critakna  kanthi  tinulis  nganggo  basamu  dhewe.  Sabanjure
                   wacanen ana ing ngarep kelas !

                 Kegiatan 3 : Mangun Teks Tembang Macapat Kanthi Mandhiri


                Tugas 1:  Ngarang Tembang Dhandhanggula lan Nembangake
                     Adhedhasar  paugeran  guru  wilangan,  guru  gatra,  lan  guru  lagu,  watak
               tembang, lan sasmita tembang kita bisa ngarang tembang macapat.

               Gladhen :
               Tindakna pakaryan iki:
               (1) Gawea tembang macapat Dhandhanggula paling sethithik rong pada kanthi
                   tema bebas.
               (2) Tembang asil karanganmu lagokna ana ngarep kelas!

               Tugas 2 : Ndhokumentasekake Tembang Macapat Dhandhanggula
                     Budaya literasi kang saiki lagi dikembangake bisa ditindakake uga dening
               para siswa. Salah sijine wujud budaya literasi  yaiku ndhokumentasekake apa
               wae asil karangane, kalebu ngarang tembang macapat Dhandhanggula  kang wis
               dilakoni siswa mau.

               Gladhen:
                   Sawise kotembangake, kumpulna karanganmu bebarengan karo karangane
                   kancamu lan dijilid kanthi becik dadi buku.
   18   19   20   21   22   23   24   25   26   27   28