Page 22 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 22

Gladhen:
                        Ayo bebarengan sinau nembang Dhandhanggula ing ngisor iki, carane
                 kaya mangkene:
                 a. Maca titilaras bebarengan dituntun Bapak/ Ibu Guru, nganti lancar.
                 b.  Saperangan  maca  titi  laras,  saperangan  maca  cakepan  salaras  karo  titi
                   larase.
                 c.  Maca/ nembangake cakepan tembang Dhandhanggula bebarengan.

                        Dhandhanggula
                                  Laras Slendro 9

                   2    5    6   6    6    1’    2’    2’    2’   2’
                   na nging yen si   ra   ngge   gu      ru     ka     ki
                   2’  2’  2’   1’   6  6    6    6     65    56
                   a    mi     lih  a   Ma nung  sa kang nya   ta
                   5      6    6    6  6  6    61’ 65
                   ing  kang  be    cik  mar ta  bat  e
                   6  1’      2’     1’   6  1’656  6
                   sar   ta   kang wruh  ing    ku  kum

                   5   5  2  2     2     2    2     232     16
                 Kang ngi  ba  dah  lan  kang ngi  rang      i
                   6     1    1   1  1     1     1
                   su   kur  o leh wong ta  pa
                   6      6    6   6    61  65
                   Ing kang wus a   mung kul
                   5    6  12    2   2    2    2  2
                   Tan mi  kir   pa we weh  li yan
                   5  3  2  16  6  6       6    6  6  1  2  2
                    I  ku pan tes   si    ra   gu   ra   na   na  ka   ki
                   5   6  1  6     2   165   61
                       Sar  ta  ne   ka wruh  a    na

              Pepeling
              Supaya  bisa  nglagokake  tembang  macapat  kanthi  apik  lan  kepenak  dirungokake,
              nalika nembang kudu nggatekake watake tembang, pedhotan lan titilaras sing pas
              aja nganti mblero kendheken utawa kedhuwuren.


            Tugas 3: Nyritakake Isine Tembang Dhandhanggula
                        Tembang macapat ana ing naskah-naskah kuna iku umume ngandhut
                 pituduh/  pitutur,  piwulang  kang  becik  tumrap  kita  kabeh.  Ananging  eman
   17   18   19   20   21   22   23   24   25   26   27