Page 12 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 12

TEMBANG MACAPAT


            Mbabar  Wawasan


                   Andharan ing ngisor iki wacanen, banjur wangsulana pitakon-pitakon sing
            sumadya!
                  Budi  pakarti  iku  tegese  samubarang  tingkah  laku  utawa  tumindak  utawa
            pagawean kang didhasari dening nalar utawa pikiran. Manungsa lair dikantheni budi
            utawa nalar. Kanthi nalar iku mau manungsa bisa mangerteni pakarti kang luhur
            utawa asor, tumindak bener utawa luput lan sapiturute. Sawise bisa mbedakake,
            budi lan pakarti kang ala prayoga disingkiri lan kang becik prayoga diudi kanggo
            sanguning urip ing satengahe bebrayan.
   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17