Page 8 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 8

e)  Marang anak putu, nganggo unen-unen: pandongaku
                    f)  Tembung  liyane  saka  kang  kasebut  ing  dhuwur:  pamuji,  karengga
                       sagung  pakurmatan,  karengga  sagung  ing  pahargyan,  kairing  ing
                       sagunging kaurmatan pudyaarja lan sapanunggalane.
                3.  Pambuka
                    Isine:  menehi  kabar  keslametan  lan  nakokake  kabar  keslametan  marang
                    sing dikirimi layang.
                4.  Surasa basa/ isine layang
                    Isine: nerangake apa wae sing perlu dikabarake.
                5.  Wasana basa/panutup layang
                    Isine:  panjaluk  utawa  panjurung  kang  ana  gandheng-cenenge  karo  isine
                    layang.
                6.  Peprenah
                    Isine: nerangake prenahe wong sing ngirim lan sing dikirimi layang, kayata
                    mitraku, bapak, ibumu, ingkang putra lan sapanunggalane.
                7.  Tapak asma
                8.  Jeneng terang
                    Isine : jenenge sing nulis layang,kudu ditulis jangkep.

                Gladhen:
                 Sawise njingglengi kaidah panulise layang ing dhuwur coba garapen prentah
                 ing ngisor iki!
                1.  Gawea tuladha panulisan papan lan titi mangsa.
                2.  Gawea tuladha panulisan adangiyah.
                3.  Gawea tuladha panulisan bebuka layang.
                4.  Gawea tuladha panulisan surasa basa.
                5.  Gawea tuladha panulisan wasana basa.


               Kegiatan 2: Nulis Teks Layang Pribadi Kanthi  Klompok

                  Ing kegiatan pasinaon iki para siswa bakal sinau klompok. Gawea klompok,
            saben klompok anggotane watara 3-5 bocah.

            Tugas 1: Nintingi Teks Layang Pribadi
                  Teks layang pribadi sing ana ing tabel iki durung urut, coba urutna kanthi
            menehi nomer supaya dadi layang jangkep kang pener!
   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13