Page 5 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 5

Tugas 3: Nyemak Unsur Basa Teks Layang Pribadi

                         Nalika nulis layang kudu mangerteni jinise ukara sing arep dianggo.
                    Biasane, ukara sing dianggo nulis layang iku mau nduweni surasa dhewe-
                    dhewe. Umume antarane nyritakake kahanan, nakokake kabar, pangarep-
                    arep, lan liya-liyane.

                   a. Ukara Carita.
                      ’’ Ngaturi pawarta bilih ingkang wayah sakulawarga ing Madiun tansah
                      ginanjar wilujeng..”
                           Ing perangan bebukaning layang kiriman iku mau ngemot tuladha
                      ukara carita.

                       Pepeling
                       Ukara carita/Kalimat berita yaiku ukara kang isine nyritakake
                       sawijining  bab,  kedadean,  utawa  sawijining  kaanan  marang  wong
                       liya.

                      Kanggo mangerteni luwih cetha babagan ukara carita semaken tuladha
                      ing ngisor iki!
                      (1)  Ingkang wayah sakulawarga ing Madiun tansah ginanjar wilujeng.
                      (2)  Tanggal 16 Juni aku wis wiwit prei.
                      (3)  Bapak lan ibu tindak peken esuk mau.
                      (4)  Kula sampun tumbas tiket kreta jurusan Surabaya.

                   b. Ukara Pitakon.
                      ’’ Pripun pawartane simbah lan pakdhe ing Surabaya?”
                           Ing  perangan  bebukaning  layang  kiriman  iku  mau  uga  ngemot
                      tuladha ukara pitakon.


                       Pepeling
                       Ukara Pitakon yaiku ukara kang isine njaluk katrangan marang
                       wong  sing  maca  utawa  sing  diajak  guneman.  Ukara  iki  umume
                       migunakake  tembung  pitakon  apa, piye, pripun,  kados pundi,  sinten,
                       sapa lan pira.


                      Kanggo mangerteni luwih jelas babagan ukara pitakon semaken tuladha
                      ing ngisor iki!
                        1.  Pripun pawartane simbah lan pakdhe ing Surabaya?
                        2.  Apa sing kokgawa Sri?
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10