Page 6 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 6

3.  Pira putrane pakdhe?
                        4.  Simbahmu daleme ing ngendi?
                        5.  Sinten sing nampi layang?


                   c.  Ukara Sananta
                      ’’ Kula benjing ndherek nyipeng watawis seminggu”
                      Ing perangan surasa basa kasebut, ngemot tuladha ukara sananta.

                          Pepeling
                         Ukara Sananta yaiku ukara kang isine niat, karep, utawa sedya.
                         Ananging, kang duwe niat utawa sedya mau awake dhewe. Mesthi
                         bae ukara iki durung kelakon utawa durung katindakake jalaran isih
                         awujud niat


                     Kanggo mangerteni luwih cetha babagan ukara sananta semaken tuladha
                     ing ngisor iki!
                     (1)   Kula benjing ndherek nyipeng watawis seminggu.
                     (2)   Buku iki arep daksumbangke marang anak yatim.
                     (3)   Timbang nganggur, tak sinau nulis layang kiriman.
                     (4)   Klambimu sing reged dakumbahe pisan dhi.
                     (5)   Sesok awan aku arep sinau klompok ing omahe Nisa.

                    Gladhen:
                    Sawise  nyinaoni  babagan  jinise  ukara,  wacanen  maneh  tuladha  ”layang
                    pribadi ing dhuwur”. Tindakna pakaryan ing ngisor iki!
                    a.  Klompokna ukara kang kalebu ukara carita
                    b.  Klompokna ukara kang kalebu ukara pitakon
                    c.  Klompokna ukara kang kalebu ukara sananta


                Unggah-ungguh Basa
                     Sajrone medharake isine layang marang sapa wae mesthi lumantar ukara
                 kang nggunakake unggah-ungguh basa. Nulis layang marang sapepadhane lan
                 marang wong kang luwih tuwa kudune nggunakake  unggah-ungguh basa kang
                 beda. Kanggo nulis layang marang wong kang luwih tuwa kaya tuladha layang
                 ing dhuwur nggunakake basa krama.
                     Basa krama yaiku jinising basa kang dumadi saka tembung krama kang
                diseseli tembung krama inggil. Tembung sing dikramakne inggil biasane amung
                kanggo wong sing dikurmati wae. Basa krama iki uga sinebut basa luwes amarga
                bisa dianggo sapa bae.
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11