Page 16 - 129.cdr
        P. 16
     Thengil
                   Wit Jomon Sugi
            Paling Tuwa Sejagad
             Wit Jomon Sugi -Yakushima neng Jepang klebu
             wit  paling  tuwa  sejagad.  Sebab,  wit  kiyé
             déprekirakna  umuré  2.500  –  7.000  taun.
             Miturut  pirang-pirang  téori,  ngomongna
             lamona  umuré  wit  kiyé  rata-rata  5.000  taun
             angger dédeleng sekang bolongan lan prentulan
             sing  ana  neng  wit  kiyé.  Ukuran  giligé
             kuranglewih  16,1  méter  lan  dhuwuré  30                                            poto : istock.com
             méteran.
             Wit Jomon Sugi déanggep daning pendhudhuk
             lokal nduwé kekuatan spiritual. Mulané wit kiyé
             dédadékna  simbol sekang pulau Yakushima.
                                               Kesuh
                Pak RT     :  “Tumini, kenangapa ko nggebugi bojoné ngosi bengep kaya kuwé?”
                Tumini     :  “Merga tangi turu taken jam pinten teng kula, Pak RT.”
                Pak RT     :  “Lah, kadar takon jam, bé, émosi...” Pak RT ngendika karo ngelus dada.
                Tumini     :  “Ya, merga goli takon, siki jam pira, Dhek Ani? Sinten sing mboten
                              jéngkél, Pak. Ani niku sinten?!” Tumini semaur karo émosi.
                Pak RT     :  “Ya... luput angger kaya kiyé... “ Karo gédhég-gédhég
                                    Bébéké Mlayu
               Kelas 2 SD lagi pelajaran matematika.
               Guru        :  “Toni, njijal déétung! Bébéké Bayu neng sawah ana 10, dédikep neng
                             Bayu 1 lewihané gari pira?
               Toni        :  “0 Bu.”
               Guru        :  “Lah, dénéng 0?”
               Toni        :  “Bayu  goli  ndikep  grasa-grusu,  dadi  bébéké  padha  mlaku  kabéh
                             sekang sawah, Bu.”
               Guru        :  “Sabar... sabar...!” Bu Guru ngelus dada.
                                                                           (SR, sekang pirang-pirang sumber)
          16 ANCAS    129/Taun XI/Februari 2021





