Page 15 - TEKS ARTIKEL BASA JAWA X
P. 15

aktivitas  mikroorganisme,  kayata  bakteri,  Jamur,  nyamuk/serangga  lan  cacing.  Yen  kita
           nduweni lahan/tegalan sing amba sampah organik bisa kapendem ing pekarangan utawa
           lahan kosong. Ananging yen lahan kita winates, lebokna sampah sisa rumah tangga arupa
           sisa sayuran utawa godhong-godhong ing sajrone kotak. Kotak iki bisa kita gawe kanthi
           ukuran  60  x  60  x  20  cm3.  Banjur  isi  kotak  karo  godhong,  sisa  sayuran  terus  isi  cacing
           abang/lemah sacukupe katambah lemah rong gegem. Tindakna iki saben dina, suwe-suwe
           sampah kasebut owah dadi kompos sing bisa digunakake kanggo nyuburake tanduran kita.
               Sampah organik liya sing bisa dimanfaatake yaiku sampah organik kacampur banyu
           sabanjure  dileboke ing panggonan kang kedap udara lan dijarake sasuwene kurang luwih
           rong  minggu  sahingga  dadi  biogas.  Biogas  iki  bisa  dimanfaatake  kanggo  masak  sing
           tingkat polusi luwih sithik.
               Sampah  anorganik  arupa  omplong  bekas  bisa  dimanfaatake  maneh  tuladhone
           kanggo  pot  kembang  utawa  diwenehake  marang  pemulung  kanggo  diolah  maneh  ing
           Pabrik/industri  daur  ulang  semono  uga  botol  bekas  omben.  Kanggo  sampah
           dluwang/koran bisa diproses dadi kertas daur ulang. Ancurna kertas karo banyu kanthi alat
           blender sabanjure disaring terus dideleh ana cetakan kanggo digaringake. Produk kertas iki
           bisa digunakake kanggo maneka warna kerajinan tangan (handycraft)
               Manawa kita aktif ngerteni lan nikelake manfaate sampah, ora sethithik kang bisa kita
           rasakake  pigunane  tilas  sampah  mau,  lan  wusanane  nduweni  dampak  positif  ing
           lingkunggan kita Sing uga wigati, kita wis ngirit, ngirit dhuwit yan ngirit energi
                         http://green.kompasiana.com/penghijauan/2013/12/13/artikel-lingkungan-hidup-618054.htmlb

               Ing  teks  artikel  kasebut,  akeh  tinemu  tembung-tembung  kang  kacithak  kandel.
           Panulise  tembung-tembung  mau  ora  cocok  karo  kaidah  penulise  tembung  mawa  Aksara
           Latin sing bener. Mula saka iku benerna!
               Kanggo nambah kawruhmu bab artikel, goleka teks artikel ing internet, koran utawa
           majalah.  Yen  wis  kasil,  wacanen  kanthi  setiti.  Yen  ana  sing  kurang  bener  miturut
           paugerane,  benerna laras karo tata panulisan kang trep! Gladhinen kawasisanmu nyunting
           supaya dadi penulis kang gamben?


             Garapan 2 :   Ngringkes  Sawijine  Artikel

               Wacan  Artikel  kanthi  irah-irahan  ―Paedahe  Sampah  ing  Lingkungan‖  bisa  karingkes.
           Carane mung nulis ukara baku ing saben paragraf. Umpamane: Sampah bisa kagolongake
           dadi 2 jinis yaiku sampah organik lan sampah anorganik.
               Saiki  wis  kokngerteni  carane  nggawe  ringkesan.  Isi  ringkesan  kudu  pada  karo  isi
           wacan kang diringkes. Olehmu ngringkes, uga bisa manfaatake struktur teks iku kanggo
           pathokan.  Bandhingna  ringkesanmu  karo  garapane  kancamu.  Apa  pancen  isine  padha
           persis  antarane  ringkesan  lan  wacan  ―Paedahe  Sampah  ing  Lingkungan‖  yen  durung,
           balenana lan benerna maneh nganti kasil! Cara ngringkes kaya mangkono mau  bisa kok
           trapake kanggo luwih mangerteni wacan liyane. Kegiyatan iki bakal krasa luwih gampang
           lan nyenengake yen sering kok lakoni.

           Garapen gladhen ngisor iki laras karo pituduhe!
               1)  Wacanen teks wacan ―Lingkungan resik, Urip sehat‖ kanthi permati!
               2)  Banjur ringkesen wacan kasebut!
               3)  Tulisen panemumu ngenani wacan kasebut laras karo kahanan ing sakiwa
                  tengenmu!

           18                           Sastri Basa / Kelas 10
   10   11   12   13   14   15   16   17