Page 11 - TEKS ARTIKEL BASA JAWA X
P. 11

No                                   Ukara


                1

                2.


                3.

                4.


                5.


                                            Pasinaon 2
           Makarya Bebarengan :   Mangun Teks Artikel

                Wacan artikel sing koksinaoni ing kegiyatan 1 mau, ana gegayutane karo bencana
           alam,  lan  Sampah.  Ing  kegiyatan  2  iki  sliramu  bakal  diajak  nganalisis  artikel  ngenani
           lingkungan hidup. Para siswa kabeh disuwun bisa mahami bab-bab sing gegayutan karo
           lingkungan hidup.
                Garapan  iki  kasusun  kanggo  nuntun  anggonmu  njlentrehake  lan  makarya
           bebarengan  nggawe  sawijine  artikel.  Gladhen  bab  struktur  artikel  lan  titikane  (ciri-ciri)
           kebasan iki bakal koktindakake lumantar kelompok-kelompok kang beda.

           Garapan 1 :   Nerangake  Isine Artikel

           Wacanen teks artikel ngisor iki kanthin titi permati!

                       Gegayutane Lingkungan Hidup karo Pembangunan

              Saya akehe usaha mbangun gedhung, bakal nikelake panggunane sumber daya kanggo
           nyengkuyung, mujudake lan agawe muncule masalah-masalah ing lingkungane manungsa.
           Sajrone mbangun, sumber alam mujudake komponen sing paling penting amarga sumber
           alam  bisa  menehi  panguripan.  Panggunane  sumber  alam  mau,  kudu  diimbangi  karo
           ekosistem  proyek pembangunan, yen ora imbang bisa mbebayani tumrape manungsa.
              Kudu  ana  solusi  supaya  padha-padha  untung  ing  antarane  proses  pembangunan,
           sumberdaya, lan masalah pangrusak utawa regeding lingkungane. Pancen  biasane proses
           pembangunan  nduweni  akibat  sing  mutawatiri  tumrap  lingkungane  manungsa,  langsung
           utawa  ora  duwe  akibat  kurange  sumber  kaskayan  alam  sacara  kuantitatif  lan  kualitatif,
           pancemaran biologis, pencemaran kimiawi, gangguan fisik lan gangguan sosial budaya
              Kapitunan-kapitunan lan owah-owahan lingkungan perlu digatekake bab untung-rugine
           sawijine  proyek  pembangunan.  Mula    saka  iku  saben  pangreka  daya  pambangunan,

           14                           Sastri Basa / Kelas 10
   6   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16