Page 13 - TEKS ARTIKEL BASA JAWA X
P. 13

Cara sing bisa dilakoni yaiku sadurunge mbuwang sampah pilah lan pilih luwih dhisik
           sampah organik lan sampah anorganik. Sampah anorganik bisa dimanfaatake kanthi cara
           ngumpulake  sampah  anorganik  sabanjure  diolah  kanthi  cara  gawe  kompos.  Upaya
           pangolahan  iki  bakal  ngasilake  pupuk  minangka  panyubur  lemah  kanthi  minggunakake
           aktivitas  mikroorganisme,  kayata  bakteri,  Jamur,  nyamuk/serangga  lan  cacing.  Yen  kita
           nduweni lahan/tegalan sing amba sampah organik bisa kapendhem ing pekarangan utawa
           lahan kosong. Ananging yen lahan kita winates, lebokna sampah sisa rumah tangga arupa
           sisa sayuran utawa godhong-godhong ing sajrone kotak. Kotak  iki bisa kita gawe kanthi
           ukuran  60  x  60  x  20  cm3.  Banjur  isi  kotak  karo  godhong,  sisa  sayuran  terus  isi  cacing
           abang/lemah sacukupe katambah lemah rong gegem. Tindakna iki saben dina, suwe-suwe
           sampah kasebut owah dadi kompos sing bisa digunakake kanggo nyuburake tanduran kita.
                Sampah organik liya sing bisa dimanfaatake yaiku sampah organik kacampur banyu
           sabanjure  dileboke ing panggonan kang kedhap udara lan dijarake sasuwene kurang luwih
           rong  minggu  sahingga  dadi  biogas.  Biogas  iki  bisa  dimanfaatake  kanggo  masak  sing
           tingkat polusi luwih sithik.
                Sampah  anorganik  arupa  omplong  bekas  bisa  dimanfaatake  maneh  tuladhane
           kanggo  pot  kembang  utawa  diwenehake  marang  pemulung  kanggo  diolah  maneh  ing
           Pabrik/industri  daur  ulang  semono  uga  botol  bekas  omben.  Kanggo  sampah
           dluwang/koran bisa diproses dadi kertas daur ulang. Ancurna kertas karo banyu kanthi alat
           blendher sabanjure disaring terus dideleh ana cetakan kanggo digaringake. Produk kertas
           iki bisa digunakake kanggo maneka warna kerajinan tangan (handycraft)
                Manawa kita gelem open ngolah sampah, bakal nduweni dhampak ing lingkunggan
           kita  lan  sing  wigati  kita  wis  melu  nindakake  ngirit,  ngirit  dhuwit  lan  ngirit  energi.
           Sesambungan  karo  wacan  mau,  coba  garapen  gladhen  ngisor  iki  kanggo    nambahi
           wawasanmu ngenani isi lan wujude artikel!
           1)  Wacan artikel ―Paedahe Sampah Ing Lingkungan‖ kalebu jinis artikel apa?
           2)  Wacanen sepisan maneh banjur tulisen (wujud laporan/makalah) apa kaluwihan lan
               kakurangane artikel ing dhuwur katitik saka:
               a.  Basa kang digunakake
               b.  Isi artikel yen digayutake karo kahanan saiki.
           3)  Sawise kokgawe laporan kaya pakon ing no 2 banjur kepriye panemumu ngenani
               artikel mau amrih warga luwih becik lan nindakake!

               Tatacara nganalisis teks artikel bisa kanthi urutan kaya ing ngisor iki:
                   1.  Irah-irahan artikel
                   2.  Asmane penulis artikel
                   3.  Media sing digunakake
                   4.  Foto lan sumber
                   5.  Papan panggonan dumadine
                   6.  Ukara kasunyatan, aktual lan wis kedadeyan
                   7.  Akibat sawise kedadeyan
                   8.  Dina lan tanggale kedadeyan
                   9.  Nara sumber
                   10. Asmane narasumber
                   11. Pawangsulane narasumber ngenani pitakon gegayutan sebab musababe
                      prastawa
                   12. Pratelane narasumber
                   13. Panemune narasumber kanggo ngudhari masalah.

                                             Pasinaon 3

           16                           Sastri Basa / Kelas 10
   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17