Page 12 - TEKS ARTIKEL BASA JAWA X
P. 12

sakehe prabeya sosial sesambungan karo lestarine lingkungan, perlu dipetung lewih dhisik.
           Pembangunan kudu maujud tanpa ndadekake warga kabotan minangka konsumene.
              Ana  bab-bab  kang  kudu  dibobot-timbangake  sajrone  mutusake,    ing  antarane  yaiku
           kualitas lan kuantitas sumber kaskayan alam sing disumurupi lan diperlokake; akibat-akibat
           saka  sumber  kaskayan  alam  kang  dijupuki  kalebu  kaskayan  hayati  lan  curese  deposito
           kaskayan  alam  kasebut.  Kepriye  pangolahe  apa  kanthi  cara  tradisional  utawa  nganggo
           teknologi  modern,  kalebu  prabeyane  lan  pengaruh  proyek  ing  lingkungan  tumrap
           lingkungan kang kurang becik sarta mandhege pangrusake lingkungan lan jumlah prabeya
           kang dibutuhake sarta alternatif liyane.

           Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep!
               1)  Saya akehe wewangunan anyar nyebabake apa?
               2)  Pembangunan  kudu  migatekake  imbange  ekosistem,  menawa  ora  imbang  bisa
                  mbebayani tumrap karahajane manungsa, apa bebayane menawa ora imbang?
               3)  Kepriye panemumu supaya pembangunan imbang karo lingkungan?
               4)  Kapitunan-kapitunan apa wae kang bakal dialami dening manungsa....
               5)  Kepriye kahanan pembangunan ing negarane dhewe saiki?
               6)  Artikel ing dhuwur kalebu jenis artikel apa?

           Garapan 2 :   Nganalisis Isine Artikel


                            Paedahe Sampah ing Lingkungan
                Ing panguripan, manungsa ora bisa owal saka sampah. Saben dina manungsa trus
           ngasilake uwuh utawa sampah sing saya suwe saya akeh gunggunge. Sampah ing kutha
           wis dadi masalah kang cukup rumit saengga angel diatasi. Uwuh utawa sampah mujudake
           tilase barang sing wis ora dianggo, sabanjure dibuang. Sampah ing negara kita gunggunge
           akeh banget lan nyebabake masalah ing pambuangane. Biyen tau ana kutha sing ngadhepi
           masalah ngenani sampah nganti ing saben pojok kutha ditemokake sampah sing sumebar
           lan numpuk kang anggawe kita gumun kanthi sampah sing ana. Wusana  kutha kasebut
           nate  diaarani  kutha  sampah.  Bab  iku  kelakon  jalaran  winatese  papan  kanggo  mbuwang
           sampah, kejaba kuwi ora ana alternatif liya kanggo manfaatake sampah sing ana. Sampah
           sing  numpuk  nyebabake  ganda  kang  ora  sedhep  lan  nuwuhake  lara  sing  nular  kang
           mbebayani  tumrap  manungsa.  Ing    panggonan  liya  akeh  warga  mbuwang  sampah
           sakarepe dhewe ing got utawa kali, sing tundhane ndadekake (salah sijine) njalari banjir.
                Sampah bisa kagolongake dadi 2 jinis yaiku sampah organik lan sampah an organik.
           Sampah organik yaiku sampah sing bisa diolah dene sampah anorganik yaiku sampah sing
           bisa  kadaur  ulang.  Sampah  organik  bisa  kaolah  dadi  pupuk  lan  sumber  energi.  Sampah
           paling akeh diasilake saka pomahan lan sampah organik (sampah teles) tuladha sampah
           saka pawon, sisa sayuran, kulit woh-wohan lan godhong. Dene sampah anorganik tuladha
           botol kaca, botol plastik, omplong lan dluwang.
                Cacahe  warga kang mludhak lan gaya hidup wargane, nduweni pangaribawa sing
           gedhe tumrap sampah sing diasilake. Yen bab iki ora cepet ditanggulangi bisa saya tambah
           masalah sing disebabake amarga sampah. Sampah mbutuhake kawigaten saka sakabehing
           pihak. Ora  mung pamarintah wae kang nyunggi jejibahan mau, ananging kita kudu aktif
           ngrampungi masalah kasebut. Paling ora kita bisa manfaatake sampah asil rumah tangga
           kita dhewe.


                             Sastri Basa / Kelas 10                                           15
   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17