Page 9 - TEKS ARTIKEL BASA JAWA X
P. 9

Sampah elektronik kudu diolah kanthi bener lan pamilahe komponen kudu selektif ,


           bener,  lan  pener.  Ana  zat-zat  sing  mbebayani  ing  sajrone  komponen  elektronika sing
           mbutuhake penanganan khusus lan ora bisa kacampur karo sampah liyane.
                Sing  sapisan  plastik,  mligine  jenis  PVC,  mbebayani  banget  awit  ngandhut  unsur
           klorin  sing kita mangerteni yen barang iku  mujudake zat sing paling  mbebayani kanggo
           kesehatan. Kejaba kuwi angel ajure ing sajrone lemah butuh waktu puluhan nganti atusan
           tahun..
                Kapindho,  timbal  utawa  lead.  Komponen  iki  mbebayani  banget.  Kaya  bahan  bakar
           bensin kinandhut TEL (tetra ethyl lead) kanggo ngunggahake nilai oktan, ing komponene
           ana timbal kang mbebayani tumrap kesehatan manungsa.
                TV lan layar komputer tipe CRT sing nggunakake tabung kanthi bahan timbal, saiki
           wis  wiwit  ganti  modhel  LCD.  Ananging  kang  dadi  masalah  ganti  tipe  LCD  iku  uga
           mbebayani amarga tipe LCD ana kandhutan komponen merkuri. Ora mung kuwi wae, ing
           sajrone  barang  elektronik mau  kinandhut  kadium,  beryllium,  lan  komponen  liyane  kaya

           BFR (brominated flame retardant)
                Kadium  digunakake kanggo nglapisi logam, utamane wesi, waja, lan tembaga.  Bisa
           uga kanggo nggawe batu baterai lan plastik.  Resiko kadium yen kasedhot nduweni sifat


           iritatif.  Zat  iki  bisa  njalari  keracunan,  gangguan  ing  sistem  organ njero  manungsa  lan
           kewan.
                Komponen-komponen  mau  yen  dibuang  menyang  pawuhan  bakal  nuwuhake

           pencemaran lingkungan  lan  bisa  gawe  kapitunane  manungsa.  Awit    saka  iku,  sampah
           elektronik kudu kaolah luwih dhisik kanggo ngurangi efek negatif  saka zat-zat beracun lan
           mbebayani banget.
                Cara pangolahan kanthi metode recycling utawa daur ulang,  komponen-komponen


           logam  bisa  digawe  komponen  anyar.  Plastik  bisa  dikonversi dadi  bahan  bakar  cair  kaya
           bensin lan solar.


                                            Ukara Lamba



                 Miturut akeh sithike rerangkene tembung, ukara dibedakake dadi rong ukara
                 yaiku ukara lamba lan ukara camboran.
                 Ukara lamba diarani uga ukara tunggal, yaiku ukara kang gagasane mung siji
                  kang dumadi saka Jejer (J) lan Wasesa (W)

                 Tuladhane ukara lamba :

                             (1) Komponen iki   mbebayani banget.
                                       J                 W

                             (2) Sampah elektronik   kudu kaolah luwih dhisik.
                                   J



                                                        W








           12                           Sastri Basa / Kelas 10
   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14