Page 5 - TEKS ARTIKEL BASA JAWA X
P. 5

Rusake Lingkungan Amarga Pokale Manungsa
              Manungsa  nduweni  akal  budi  kanggo  nyukupi  kabutuhane.  Nanging,  sifat  manungsa
           kang  murka  (srakah)  njalari  tumindake  dhemen  ngeksploitasi  alam  kanggo  nggolek
           kauntungan tanpa winates, tanpa migatekake efek liyane. Maneka warna tuladha rusake
           alam  amarga  pokale  manungsa  yaiku  banjir,  longsor,  illegal  loging,  alas  gundhul,

           penambangan liar,  pencemaran  udara,  pencemaran  air,  lan  sapunanggalane.  Yen
           manungsa  isih  tumindak  kaya  mangkono  terus-terusan,  mesti  wae  alam  ora  bakal  bisa
           awet lan kapitunan bakal dirasakake manungsa dhewe.

            Bausastra
            1.  curese            = entek/ilange
            2.  karaharjane       = keslametan, kebegjane
            3.  dhahuru           = bencana, pageblug
            4.  gunung njeblug    = gunung mbledhos
            5.  illegal logging   = mbabat alas sembarangan
            6.  kapitunan         = rugi



                           Sumber http://www.konsultankolesterol.com/kerusakan-lingkungan-hidup.html

           Ing  garapan  1  iki  ana  pitakon-pitakon  kang  gegayutan  karo  wacan.  Pitakon  iki  wigati
           banget kanggo nyumurupi isine wacan ― Rusake Lingkungan Hidup‖.  Artikel kang kokwaca
           mau  ana  perangan-perangane  yaiku  pangiring  (pengantar),  isine  masalah,  dudutan.
           Peramhan-perarangan mau diarani perangan strukturing artikel. Kanggo njajagi kawruhmu
           ngenani wacan mau, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
           1)  Apa kang bakal dumadi menawa lingkungan  rusak?
           2)  Kepriye akibate manawa lingkungan kita rusak?
           3)  Apa mupangate yen alam dijaga kanthi becik?
           4)  Terangna apa wae kang njalari rusake lingkungan!
           5)  Geneya negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap owahe iklim global?
           6)  Apa kang koktindakake nalika meruhi  rusake lingkungan?

             Garapan 2 :   Medhar Strukture  Artikel

           Kaya  kang  diandharake  mau,  sawijine  artikel  nduweni  struktur  tartamtu.  Ayo  diudhal
           miturut strukture, teks artikel kanthi irah-irahan ―Rusake Lingkungan Hidup‖ mau !
           Wedharan bab artikel kasebut, maujud saka  struktur panulisan artikel ngisor iki:










                                        Bagan 1.1 struktur artikel




           8                            Sastri Basa / Kelas 10
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10