Page 4 - TEKS ARTIKEL BASA JAWA X
P. 4

Lingkungan  alam  sing
                                                                   rusak  bakal  nduweni  efek
                                                                   tumrap uripe manungsa lan
                                                                   nduweni    potensi    bakal
                                                                   kelakon anane bencana ing
                                                                   tembene. Rusake alam bisa
                                                                   disebabake  dening  faktor
                                                                   alam  lan  uga  manungsa.
                                                                   Manungsa  saya  srakah  lan

                                                                   ora  nggatekne lingkungan.
                                                                   Kamangka  menawa  kita
                                                                   bisa   njaga   lingkungan,
                                                                   mesthi  ora  bakal  gawe
           kapitunan tumrap awake dhewe lan generasi  sabanjure. Kosok baline, yen kita bisa njaga,
           agawe kestarine alam, kaendahan lan mumpangate bisa kanggo anak putu.
              Lingkungan alam kalebu lemah, banyu, alas, lan hawa perlu dijaga supaya sumberdaya

           alam  tetep  lestari  lan  ngasilake  paedah  kang  maksimal kanggo  karaharjane  manungsa.
           Lingkungan kalebu lingkungan biotik  lan abiotik. Yen lingkungan rusak, bab iki bisa anjalari

           ekosistem darat, segara lan kabeh makhluk kang ana ing jagad iki rusak uga. Alam sing
           rusak nyebabake panguripane bakal ngalami owah-owahan. Kewan-kewan bakal pindhah
           panggonan golek papan sing bisa nyukupi kabutuhane.
              Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor  alam
           kang  dumadine  ora  saben  dina.  Owahe  iklim  global  ndadekake  negara-negara  maju
           nduweni  kawigaten  gedhe  tumrap  rusake  Alam.  Manawa  iklim  global  owah,  bab  iki
           nyebabake  munggahe  suhu  amarga  akumulasi  gas  emisi  ing  atmosfer  utawa  uga  bisa
           kaistilahake Global warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang
           uga ngalami rusake alam kang nduweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan.
           Karusakan  lingkungan  amarga  pokale  manungsa  nyebabake  pageblug/penyakit,  bencana
           lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.

                                                                  Rusake Lingkungan Saka
                                                                Rubedaning Alam

                                                                  Akeh  dhahuru  kang  anjalari
                                                                rusake lingkungan hidup, salah
                                                                sijine  amarga  gunung  njeblug.
                                                                Gunung    njeblug   mujudake
                                                                salah    sawijine   aktivitas
                                                                vulkanisme   lan   dumadine
                                                                gejala  alam.  Kahanan  iki  ora
                                                                ana    sing   bisa   nyegah
                                                                panjebluge   gunung    mau.
                                                                Akibat    mbledhose/njebluge
                                                                gunung     bakal     ngrusak
           lingkungan  amarga  gunung  muntahake  sawernane  material  padhet  sing  nibane  sawah,
           omah,  alas  lan  apa  wae  sing  ana  sakupenge.  Saliyane  iku  lindhu  lan  siklon uga  kalebu

           bencana alam sing ngrusak lingkungan.
                              Sastri Basa / Kelas 10                                           7
   1   2   3   4   5   6   7   8   9