Page 3 - TEKS ARTIKEL BASA JAWA X
P. 3

Sawise nyemak tembang mau, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
           1)  Kapan Gunung Kelud njeblug?
           2)  Kapitunan apa wae  kang dirasakake nalika Gunung Kelud njeblug?
           3)  Apa kang ditindakake pamarintah nalika Gunung Kelud njeblug?
           4)  Gunung Kelud iku manggon ing tlatah kabupaten endi?
           5)  Kajaba Gunung Kelud apa wae kang kok weruhi saka kabupaten kasebut?
           6)  ―Wedi miris ningali urubing gunung‖. Terangna tegese gatra kasebut ?
           7)  Kajaba gunung njeblug, bencana alam apa wae kang dumadi ing Indonesia?
           8)  Apa kang koktindakake, yen sing nandhang bencana alam iku awakmu?
           9)  Yen ana bencana alam ing sakupengmu, apa kang koktindakake?
           10) Kepriye pangrasamu yen ndeleng para kurban bencana alam?

               Gumelare  jagad  raya  saisine  cinipta  dening  Gusti  Kang  Akarya  Jagad  kanggo
           manungsa  supaya  dijaga  kanthi  becik.  Manungsa  ora  oleh  ngrusak  alam  saisine  kang
           cinipta dening Gusti Allah, kayata negori  wit-witan sakarepe dhewe kang bisa nyebabake
           ora imbange lingkungan. Ing alam donya, manungsa urip bebarengan  karo makhuk liyane
           yaiku  kewan,  wit-witan,  lan  barang-barang  liyane  kaya  langit,  watu  lan  banyu.  Jagad
           gumelar  iki  minangka  srana  kanggo  golek  kawruh.  Ing  pasinaon  iki  bakal  disinaoni
           babagan artikel ngenani lingkungan alam.
           Kanggo  mbukak  wawasanmu  ngenani  ngudi  lestarine  alam,  bisa  kokwangsuli  pitakon-
           pitakon ing ngisor iki kanthi migunakake basa kang trep!

           1)  Kepriye kahanan lingkungan ing omahmu?
           2)  Jlentrehna apa wae kapitunan kang disebabake dening rusake alam!
           3)  Bencana apa wae kang disebabake saka kedadeyan alam?
           4)  Bencana  banjir bisa njalari kapitunan apa?
           5)  Manut panemumu, apa sing bisa ditindakake kanggo nyegah banjir?


                                             Pasinaon 1.
             Modhel Teks Pinilih :   Nyinau Teks Artikel
           Kegiatan kapisan, para siswa diwenehi kalodhangan nyinaoni babagan artikel. Kanggo
           sarana sinau para siswa bakal kaajak mbedhah teks artikel kanthi irah-irahan ―Rusake
           Lingkungan Hidup‖
             Garapan 1 :   Nyemak Teks Artikel Bab Lingkungan Hidup

           Semaken kanthi premati, teks artikel kang diwaca dening kancamu!

                                       Rusake Lingkungan Hidup


              Rusake lingkungan mujudake deteorisasi lingkungan  kawistara saka ilange sumberdaya
           bumi,  banyu,  hawa/udara,  curese  kewan  lan  rusake  ekosistem.  Rusake  lingkungan  bisa
           mujudake  salah  sijine  bebaya  tumrap  uriping  manungsa.  Bab  iku  wis  nate  dielingake

           dening  ―High  Level  Threat  Panel  PBB‖. Rusake  lingkungan  amarga  saka  maneka  warna
           sebab, sing paling gedhe pangaribawane yaiku krana pokal gawene manungsa.


           6                            Sastri Basa / Kelas 10
   1   2   3   4   5   6   7   8