Page 7 - TEKS ARTIKEL BASA JAWA X
P. 7

Struktur Teks                           Ukara
                                          sing  paling  gedhe  pangaribawane  yaiku  krana
                                          pokal gawene manungsa.

                                        1. Lingkungan alam sing rusak bakal nduweni efek
                                          tumrap uriping manungsa lan anduweni potensi
                                          bakal  dumadi  bencana  ing  tembene.  Rusake
                                          alam  bisa  disebabake  dening  faktor  alam  lan
                 Isi                      uga manungsa. Manungsa saya serakah lan ora
                                          peduli karo lingkungan. Kamangka menawa kita
                                          bisa njaga lingkungan ora bakal gawe kapitunan
                                          tumrap  awake  dhewe  lan  generasi  sabanjure.
                                          Suwalike  yen  kita  bisa  njaga,  kaendahan  lan
                                          mumpangate bisa kanggo anak putu.
                                        2. Lingkungan alam kalebu lemah, banyu, alas lan
                                          hawa  perlu  dijaga  supaya  sumberdaya  alam
                                          tetep  lestari  lan  ngasilake  paedah  kang
                                          maksimal  kanggo  karaharjane  manungsa.
                                          lingkungan kalebu lingkungan biotik lan abiotik.
                                          Yen  lingkungan  rusak,  bab  iki  bisa  anjalari
                                          ekosistem  darat,  segara  lan  kabeh  makhluk
                                          kang  ana  ing  jagad  iki.  Alam  sing  rusak
                                          nyebabake  panguripane  bakal  ngalami  owah-
                                          owahan. Kewan-kewan bakal pindah panggonan
                                          golek papan sing bisa nyukupi kabutuhane.

                                          Karusakan  alam  sing  paling  gedhe  disebabake
                                          dening  manungsa  katimbang  faktor  alam  kang
                                          dumadine  ora  saben  dina. Owahe  iklim  global

                                          dadekake    Negara-negara    maju    duweni
                                          kawigaten gedhe tumrap rusake Alam. Manawa
                                          iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe

                                          suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer
               Dudutan                    utawa  uga  bisa  kaistilahake  Global  warming
                                          (pemanasan    global).   Indonesia   minangka
                                          negara  berkembang  uga  ngalami  rusake  alam
                                          kang    duweni   dampak    negatif   tumrap
                                          karaharjane  panguripan.  Karusakan  lingkungan
                                          amarga     pokale   manungsa     nyebabake
                                          pageblug/penyakit,  bencana  lan  kapitunan
                                          tumrap manungsa dhewe.

           Garapan 3 :   Niteni Jinise Artikel

            Kanggo njembarke wawasanmu ngenani artikel kaya kang wis mboksinau mau, goleka
            lan  kumpulna  tuladha-tuladha  artikel  liyane.  Banjur  pilah-pilahen  wujude  artikel  mau
            miturut jinise.



           10                           Sastri Basa / Kelas 10
   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12