Page 8 - TEKS ARTIKEL BASA JAWA X
P. 8

Miturut teorine, wewatakan lan pamangune sawijine artikel bisa njalari jinise artikel bisa
            kaperang dadi :


                   1.  Artikel Ekploratif
                      Artikel  eksploratif  yaiku  artikel  sing  ngandharake  kanyatan-kanyatan
                      miturut  panalare  panulis.  Jinis  iki  pas  banget  kanggo  ngandharake
                      temon-temon  anyar.  Tuladhane  ana  sawijine  pawongan  nemokake
                      barang-barang antik.
                   2.  Artikel Eksplanatif
                      Eksplanatif  tegese  njelasake.  Artikel  eksplanatif  yaiku  artikel  sing  isine
                      nerangake sawijine masalah sing bisa dipahami dening  sing maca.
                   3.  Artikel Deskriptif
                      Deskriptif yaiku artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi
                      ing  masyarakat,  sahingga  bisa  disumurupi  apa  sing  satemene  dumadi.
                      Jinis  iki  memper  kaya  laporan  utawa  reportase,  bedane  yen  laporan
                      mung  adhedhasar  kasunyatan  wae,  yen  artikel  panulisane  nerangake
                      masalah kanthi gamblang bisa awujud opini
                   4.  Artikel Prediktif
                      Artikel prediktif yaiku artikel sing isine petungan utawa ramalan apa kang
                      dumadi ing mangkone manut petungane panulise.
                   5.  Artikel Preskriptif
                      Artikel preskriptif yaiku artikel sing menehi tuntunan tumrap sing maca
                      kanggo  nindakake  sawijine  pakarya  sahingga  ora  kliru  utawa  salah
                      anggone nindakake


           Garapan 4 :  Nintingi Isine Artikel :
                                 Ukara Lamba lan Ukara Camboran Sajrone Teks
           Ing garapan 4 iki bakal koksinaoni babagan isine teks lan unsur kabasane teks artikel.

           Teks artikel  ―Bebayane Sampah Elektronik lan Pangolahe‖  ing ngisor iki ngandhut
           ukara lamba lan ukara camboran.
           Wacanen kanthi setiti lan temokna ukara-ukara lamba ing sajrone teks!
                         Bebayane Sampah Elektronik lan Pangolahe

                Indonesia  kawentar  minangka  bangsa  kang  masyarakate  nyengkuyung  budaya
           konsumtif,  kalebu  panggunane  barang-barang  elektronik,  kayata:  ponsel,  televisi,


           komputer, laptop, lan liya-liyane. Saben dina ewon jenis barang elektronik diproduksi lan
           kaimpor.
                Wondene  kepriye  nasibe  barang-barang  bekas  elektronik sing  wis  ora  digunakake,

           durung  oleh  kawigaten  kang  mirunggan.  Banjur  kepriye  pangolahe  sampah  elektronik

           utawa  electronic  waste  utawa  e-waste ing  Indonesia?  Kamangka  kita  kabeh  ngerteni,
           manawa salah pangolahe e-waste  sing akeh bahan-bahan ―beracun‖ lan mbebayani bakal
           njalari kapitunan tumrap manungsa.

                             Sastri Basa / Kelas 10                                           11
   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13