Page 14 - TEKS ARTIKEL BASA JAWA X
P. 14

Pakaryan  mandhiri :    Maca lan Ngrembug Sawijine Artikel


           Ing  pasinaon  iki  para  siswa  diajab  bisa  nggawe  artikel  kang  becik,  sawise  bebarengan
           maca, ngerteni, lan kasil ngringkes  sawijine artikel.
           Garapan 1 :   Maca Ekspresif Teks Artikel

                 Para  siswa  kabeh,  kaya  kang  wis  mbok  ngerteni,  tembung  ekspresi tegese

           pamedharing pamikir lan rasa-pangrasane manungsa, nalika dheweke sesambungan karo
           kahanane  jagad  sakupenge.  Lumantar  ekspresine,  saben  manungsa  bisa  ngatonake  apa
           sing sejatine dipikir lan dirasa nalika nemoni sawijine prakara.
                 Pamacan ekpresif tegese pamacan utawa carane maca sawijine teks tartamtu, sing
           njalari  wong  sing  maca  nduweni  pamikir  lan  rasa-pangrasa  khusus  ngenani  isi  lan
           wewatakane teks mau. Mula saka iku, pamacan ekspresif ngudokake wong sing maca mau
           nggambarake gregete rasa nalika sesambungan karo isining teks.
                 Coba  sliramu  kabeh  nuduhake  ekspresimu  kang  laras  karo  watak  lan  isine  teks
           ngisor iki nalika maca kanthi bener lan pener manut apa karepe.

                              Paedahe Sampah ing Lingkungan
               Ing panguripan, manungsa ora bisa owal saka sampah. Saben  dino manungsa trus
           ngasilake  sampah  sing  saya  suwe  saya  akeh  gunggunge.  Sampah  ing  kuta  wis  dadi
           masalah kang cukup rumit sahingga angel diatasi. Sampah yaiku sisa-sisa barang sing wis
           ora  dianggo  sabanjure  dibuwang.  Sampah  ing  negara  kita  gunggunge  akeh  banget  lan
           nyebabake  masalah  ing  pambuangane.  Biyen  tau  ana  kuta  sing  ngadepi  masalah
           ngenani  sampah  nganti  ing  saben  pojok  kuta  ditemokake  sampah  sing  sumebar  lan
           numpuk  kang  anggawe  kita  gumun  kanthi  sampah  sing  ana.  Sahingga  kuta  kasebut
           sempat dijuluki kutha sampah. Bab iku dumadi amarga winatese papan kanggo mbuwang
           sampah  lan  ora  ana  alternatif  liya  kanggo  manfaatake  sampah  seng  ana.  Sampah  sing
           numpuk nyebabake ganda kang ora sedhep lan nuwuhake lara sing nular kang mbebayani
           tumrap manungsa. ing panggonan liya pawongan mbuwang sampah sakarepe dhewe ing
           got utawa kali sing tundane dadekake salah sijine dumadi banjir.
               Sampah bisa kagolongake dadi 2 jinis yaiku sampah organik lan sampah an organik.
           Sampah  organik  yaiku  sampah  seng  bisa  diolah  dene  sampah  anorganik  yaiku  sampah
           sing  bisa  kadhaur  ulang.  Sampah  organik  bisa  kaolah  dadi  pupuk  lan  sumber  energi.
           Sampah paling akeh diasilake saka paomahan lan sampah organik (sampah teles) tuladha
           sampah  saka  pawon,  sisa  sayuran,  kulet  woh-wohan  lan  godhong.  Dene  sampah
           anorganik tuladha botol kaca, botol plastik, omplong lan dluwang.
               Jumlah warga kang mludhak lan gaya hidup wargane duweni pengaruh gedhe tumrap
           sampah  seng  diasilake.  Yen  bab  iki  ora  cepet  ditanggulangi  bisa  saya  tambah  masalah
           sing disebabake amarga sampah. Sampah mbutuhake penanganan saka sakabehe pihak
           ora mung pamarintah wae ananging kita kudu aktif nangani masalah kasebut. Paling ora
           kita bisa manfaatake sampah asil rumah tangga kita dhewe.
               Cara sing bisa dilakoni yaiku sadurunge mbuwang sampah pilah lan pilih luwih dhisik
           sampah organik lan sampah anorganik. Sampah anorganik bisa dimanfaatake kanthi cara
           ngumpulake  sampah  anorganik  sabanjure  diolah  kanthi  cara  gawe  kompos.  Upaya
           pangolahan  iki  bakal  ngasilake  pupuk  minangka  panyubur  lemah  kanthi  minggunakake
                             Sastri Basa / Kelas 10                                           17
   9   10   11   12   13   14   15   16   17