Page 3 - TEKS LAPORAN ASIL OBSERVASI
P. 3

Ing ngisor iki ana tuladha teks teknologi, coba wacanen sajroning
              batin!

                                              DHOP LAMPU BISA NGLAYANG

                                                     Sawijining  ilmuwan  saka  New
                                              York,  Simon  Morris,  nyiptakake  dhop
                                              lampu kang unik. Dhop iki bisa nglayang
                                              lho.  Saliyane  iku,  dhop  lampu  iki  uga
                                              bisa murub suwene 22 taun. Wow, suwe
                                              banget ya. Apa ta rahasiane?
                                              Dhop  lampu  kang  dijenengi  Flyte iki

            nglayang  ing  sadhuwure  kayu  pesagi.  Geneya  Flyte bisa  nglayang?

            Pranyata  Simon  nyeleh  magnet  ing  ngisore  dhop  kuwi.  Dheweke  uga
            nyeleh  magnet  ing  njerone  kayu  kuwi.  Kekarone  magnet  mau  nduweni
            kutub  kang  padha.  Mula  kuwi,  kekarone  padha  ’tolak-menolak’ saengga

            nyebabake Flyte nglayang.
                    Banjur,  saka  ngendi  Flyte   bisa  murub?  Tatakan  kayu  Flyte
            disambung  menyang  sumber  listrik.  Flyte oleh  setrum  mau  saka  tatakan

            kayu lumantar teknologi indhuksi. Teknologi indhuksi yakuwi proses owah-
            owahan  energi  mekanik  dadi  energi  listrik  tanpa  kabel.  Unike  maneh,
            tatakan  kayu  iki  bisa  digunakake  kanggo  ngisi  ulang  baterai  handphone
            lho. Canggih ta?
                    (Panjebar Semangat No.24-13 Juni 2015)

            Sawise kokwaca sajroning batin, coba babarna  pitakon ing ngisor iki!
                1. Apa sing dirembug ing teks kasebut?
                2. Coba sebutna tuladha teknologi sing lumrah koktemoni ing omahmu!
                3. Coba sebutna gunane teknologi ing padinan?
                4.  Yen  sliramu  kasengsem  karo  tuladha  ing  dhuwur,  praktekna  ing
                    omah  karo  kanca-kancamu,  banjur  nggawea  laporan  prasaja
                    tumrap kegiatan sing wis koklakoni!

            Kegiatan 1:  Wangun Teks  Asil Observasi


                    Istilah  Teknologi  Tepat  Guna (TTG)  lumrahe  ditrapake  kanggo
            njlentrehake  rekayasa  teknologi  kang  dianggep  cocog  kanggo  negara-
            negara  sing  lagi  ngrembaka  utawa  ing  karang  padesan  sing  adoh  saka
            kutha gedhe. TTG iki mujudake teknologi prasaja kang bisa nggampangake
            pakaryan. Mula saka iku, TTG iki perlu dirembakakake kanthi temenan.


            2                                                            Kirtya Basa IX
   1   2   3   4   5   6   7   8