Page 7 - TEKS LAPORAN ASIL OBSERVASI
P. 7

    Dheskripsi  manfaat/  kagunan  yaiku  perangan  sing  mujudake
                      simpulan utawa dudutan saka asile observasi.

                2.  Sawise mangerteni bagean-bagean teks kasebut, coba ukara-ukara
                    sing  wis  diandharake  ana  ing  teks  laporan  asil  observasi  kasebut
                    tulisen ana ing bagean-bageane dhewe-dhewe!

                       Struktur teks                         Ukara
                     Dhefinisi Umum        ……………………………………………………………
                                           ……………………………………………………………

                     Dheskripsi Bagean     ……………………………………………………………
                                           ……………………………………………………………

                     Dheskripsi Manfaat    ……………………………………………………………
                                           ……………………………………………………………


                3.  Supaya luwih mangerteni isine teks, kita kudu mangerteni isi saben
                    paragrap. Coba wacanen bagean-bagean struktur teks laporan asil
                    observasi  saka  modhel  wacan  ing  ngisor  iki!  Sabanjure  wacanen
                    ukara sing kacithak miring ana ing tuladha bagean dhefinisi umum,
                    ing  kono  kababarake  gagasan  utama  utawa  ukara  bakune.  Saiki
                    coba wenehana tandha dhewe ngendi sing dadi gagasan utama ing
                    dheskripsi bagean  lan dheskripsi manfaat.
                    Tuladha:

                       Struktur                           Ukara
                         Teks
                      Dhefinisi     Sampah  yaiku  materi  sisa  kang  ora  dikarepake,
                      Umum          sawise  akhire  dibuwang  ing  pambuwangan
                                    pungkasan  (akhir).  Sampah  bisa  ana  ing  saben
                                    materi:  awujud  padhet  (padat),  encer  (cair),
                                    utawa gas. Sampah uga dadi masalah nomer siji
                                    ing Indonesia, saliyane pengangguran, lan sarana
                                    transportasi.  Bencana  banjir  wis  dadi  langganan
                                    ana  ing  wewengkon  tlatah  Gresik,  nanging  isih
                                    akeh  wong  Gresik  sing  ora  gelem  sadhar  yen
                                    mbuwang  sampah  iku  kudu  ana  panggonane.
                                    Pokoke waton wuuur…buwang. senajan Indonesia

            6                                                            Kirtya Basa IX
   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12