Page 5 - TEKS LAPORAN ASIL OBSERVASI
P. 5
dadi pangadheme, blower (kipas angin), lan kompor kanggo metune
murube gas. Saben komponen kuwi disambungake karo pipa.
Miturut Rudi, mesin kuwi ana 2 tipe, yaiku tipe cilik lan gedhe. Tipe
cilik kanthi daya listrik watara 60 watt, lan bisa nampung sampah garing
watara 5 kg. Bisa ngasilake gas murup tekan 2 jam. Albakos tipe cilik iki
didol kanthi rega Rp. 4 juta sa-pakete, saengga wis dadi mesin komplit
sakompore.
Albakos tipe gedhe kapasitase watara 50 kg sampah garing.
Mesin iki bisa ngasilake murupe gas geni watara 8 jam. Tipe cilik lan gedhe
jan-jane bisa murup tekan 24 jam, nanging kudu ajeg diiseni sampah
garing. Kalorone uga dikompliti pangatur tingkat gedhe lan cilike murupe
geni.
Sawise mesin Albakos siap, diwenehi banyu sacukupe ing wadhah
sakubenge compres utawa pangadhem. Bab iki kanggo njaga kebul sing
metu (compres), lan sisan kanggo ngadhemake suhu. Sabanjure,
nglebokake mawa areng ing tabung pambakaran. Kanggo tabung Albakos
cilik cukup 1 kg mawa areng. Njur nglebokake sampah garing ing dhuwure
mawa areng mau. Dienteni nganti kebule metu saka dhuwur tabung.
Menawa kebul wis metu, njur nutup tabung. Nunggu tekan bolongan gas
kompor metu kebule.
Menawa bolongan kompor metu kebul, pancing gas kanthi nyumet
korek ing cedheke. Gas njur bisa murup dhewe, lan kompor Albakos wis
diarani siap kanggo masak apa wae. Prinsipe ing kebul sampah organik
mau ana watara 30% gas metan. Mesin Albakos siji iki bisa disambung
kanthi pirang-pirang kompor gas sisan, saengga bisa dimaksimalake
fungsine.
Miturut dheweke kanggo mbandhingake, menawa masak 1 liter
banyu tekan mateng dibutuhake watara 7 menit nganggo gas elpiji.
Nanging nganggo gas kompor Albakos iki mung butuh wektu 4 menit
supaya banyune mateng. Kajaba kuwi faktor bahan baku sampah sing
murah lan gampang digoleki, mesthi wae dadi nilai plus dhewe bab irit
ragade kuwi.
Malah ora amung kuwi, saka ruang njaba utawa sakubenge
compres/pangadhem sing isi banyu mau, bisa diasilake zat cair ireng arane
Venol. Miturut panliten zat iki bisa dianggo minangka obat anti septik.
4 Kirtya Basa IX