Page 9 - TEKS LAPORAN ASIL OBSERVASI
P. 9

HOME  INDUSTRI

                           Usaha  home  industri utawa  indhustri  omahan  mujudake

                   salah  sijine  indhustri  sing  ora  mbutuhake  modhal  sing  gedhe.
                   Indhustri  omahan  luwih  asring  minangka  wujud  saka  bisnis
                   sampingan.  Sanajan  wiwitane  wujud  bisnis  sampingan  wusanane
                   ndadekake bisnis sing ngrembaka lan nguntungake.
                           Ing madyaning masyarakat indhustri omahan bisa kaperang
                   dadi telu. Sepisan, indhustri omahan sing ngasilake jasa, kapindho
                   indhustri omahan sing ngasilake barang, lan katelu, indhustri kang
                   nyalurake barang.  Saka  katelu indhustri omahan kasebut isih bisa
                   kaperang  maneh  dadi  pirang-pirang  kegiatan  usaha.  Usaha  jasa,
                   yaiku sawenehing wujud usaha dilakokake dening pawongan kang
                                                      ngepenake              keahlian,
                                                      tuladhane  jasa  bengkel  mobil,
                                                      gerji, jasa ngumbah karpet, lan
                                                      liya-liyane.
                                                              Beda  maneh  karo  jinis
                                                      indhustri  omahan  kang  ngolah
                                                      utawa  ngasilake  barang.  Jinis
                                                      indhustri      omahan         iki
                   didhominasi  dening  sawenehing  indhustri  panganan.  Ing  saben
                   kutha mesthi akeh ditemoni jinis panganan kang bisa dadi ciri khase
                   kutha kasebut.
                           Malang salah sawijining kutha ing Jawa Timur, akeh maneka
                   warna usaha indhustri omahan kang bisa ditemoni. Salah sawijining
                   indhustri omahan kang wektu dina iki dadi kembang lambe, yaiku
                   indhustri kripik. Manawa ing masyarakat wis lumrah keprungu lan
                   ditemoni  jinis  kripik  tempe  lan  kripik  tela,    ing  Malang  saiki  bisa
                   ditemokake  maneka  jinis  kripik,  utamane  kripik  maneka  woh-
                   wohan. Mula ora aneh yen padha plesiran ing kutha Malang kurang
                   jangkep menawa durung tuku maneka kripik woh-wohan mau.

                2. Ukara Miturut Jinis Wasesane
                    Kanggo  ngelingake  pangertenmu,  ukara  kang  wasesane  tembung
                    tanggap  diarani  ukara  tanggap,  dene  ukara  kang  wasesane
                    tembung  tanduk  diarani  ukara  tanduk.  Tembung  tanggap  iku
                    tembung  lingga  kang  oleh  ater-ater  tripurusa  (dak,  ko/kok,  di),
                    dene tembung tanduk iku tembung kang oleh ater-ater anuswara (-
                    m, -n, -ng, -ny).


            8                                                            Kirtya Basa IX
   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14