Page 4 - TEKS LAPORAN ASIL OBSERVASI
P. 4

Tugas 1: Nyemak  Teks Teknologi Tepat Guna
                           Wacanen tuladha teks  ing ngisor iki kanthi permati!

                                      GAWE GAS LPG (ELPIJI)  DHEWE
                                       BISA MURUP 24 JAM NONSTOP

                           Gegeran  bab  warta  mbledhose  gas  elpiji,  utawa  saya  langka  lan
                   larang  regane  gas  kuwi,  mesthi  wae  dadi  masalah  kanggo  rakyat  lan
                   pamarentah.  Njur  kepriye  solusine?  Tekan  saiki  durung  ana  sing  bisa
                   mangsuli.  Malah  kadhangkala  pamarentah  mung  uncal-uncalan  tanggung
                   jawab antarane pepadha birokrat lan pejabat.
                           Gagasan  kreatif  sing  bakal  diaturake  iki  mbok  menawa  bisa  dadi
                   solusi  alternatif.  Sanajan  penemon  bahan  bakar  gas  saka  woh-wohan
                   utawa saka sampah organik dudu bab sing anyar, nanging nyatane pancen
                   akeh sing durung nggunakake utawa mraktekakake kanthi langsung.
                           Ing  tangane  priya  saka  Karanganyar  iki,  proses  prodhuksi  biogas
                   digawe  luwih  prasaja,  gampang,  lan  murah,  nanging  tetep  efektif  nalika
                   digunakake.  Kanthi  inovasi  lan  eksperimen  bola-bali,  ngasilake  mesin
                   prasaja kanggo ngolah sampah dadi gas sing efektif lan ramah lingkungan.
                   Sanajan  mung  lagi  skala  omahan,  nanging  idhe  kreatif  iki  uga  bisa  dadi
                   peluang  usaha sing menarik. ”Mesin iki dijenengi  Albakos . Singkatan saka
                   Alat  Biogas  Konsumsi  Sampah,”  ujare  Budi  (49),  sing  uga  kondhang
                   diundang bapak biofuel iki.
                           Sawise  nemokake  mesin  ciptaane  kuwi,  priya  iki  uga  mbukak
                   pelatihan  bab  gawe  biogas  ing  kantore  sing  arane  Agro  Makmur.  Ora
                   nyana  peserta  sing  ndhaftar  akeh  lan  teka  saka  wilayah  sa-Indonesia.
                   Kantor  pelatihan  Agro  Makmur  kuwi  mapan  ing  desa  Doplang,
                   Karangpandan,  Karanganyar,  Jawa  Tengah.  Priya  sing  jeneng  komplite
                   Soelaiman  Budi  Sunarto  iki  ngandhakake,  menawa  mesin    Albakos    bisa
                   ngolah  sampah  organik  garing  dadi  gas  sing  bisa  digunakake  minangka
                   bahan bakar. Bahan bakar kuwi, sawetara wektu iki bisa dianggo kanggo
                   konsumsi  ing  skala  omahan.  Kanggo  sampah  garing  5  kg  bisa  ngasilake
                   gas sing murup watara 2 jam.
                           Njur kepiye sistem kerjane piranti mesin iki? Lan sampah jinis apa
                   wae sing bisa diolah dadi biogas skala omahan?
                           ”Pisanan kita kudu duwe mesin  Albakos   dhisik,” imbuhe Rudi (21),
                   sawijining instruktur pelatihan ing Agro Makmur.
                           Mesin    Albakos    iki  dirancang  dhewe  dening  Pak  Budi.  Perangan
                   mesin ana 4 komponen utama. Yaiku tabung kanggo wadhah pembakaran
                   (wujude kaya roket, kanthi tutup kerucut tumeng), ruang compres    lan uga

                   Kirtya Basa IX                                                        3
   1   2   3   4   5   6   7   8   9