Page 6 - TEKS LAPORAN ASIL OBSERVASI
P. 6

Bausastra

                        jlentreh          : cetha,jelas,gamblang

                        piranti            : alat

                        uwuh             : sampah
                        kebul             : asap, keluk
                        ragad             : bea, biaya


                   Kanggo mangerteni isine wacan, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

                      1) Sapa kang nemokake mesin  Albakos  ing wacan kasebut?

                      2) Apa sing diarani Albakos ?

                      3) Sampah apa wae kang bisa diolah nganggo mesin  Albakos    ?
                      4) Albakos    tipe gedhe kapasitase bisa ngolah sampah pira?

                      5) Kanggo Albakos  tipe cilik pra daya listrik kang dibutuhake?
                      6) Butuh sampah pira kanggo ngasilake gas sing murup watara 2 jam?
                      7) Apa salah sijine keuggulan migunakake biofeul?
                      8) Kepriye carane supaya bisa gawe biofeul?
                      9) Saliyane  bisa  ngasilake  bahan  bakar  gas,  mesin    Albakos   bisa

                         ngasilake apa wae?
                      10)  Apa manfaate  gas Venol?

                   Tugas 2: Ngidhentifikasi Teks Laporan Asil Observasi

                        1. Wacanen sepisan maneh teks laporan asil observasi ”Gawe Gas LPG
                           (Elpiji)    Dhewe  Bisa  Murup  24  Jam  Nonstop”  ing  dhuwur.  Sawise
                           maca  teks  laporan  asil  observasi  kasebut  bakal  tinemu  perangan
                           anggone nyusun teks kaya ing ngisor iki :
                                                                            Dhefinisi Umum

                            Struktur Laporan
                            Asil Observasi                                  Dheskripsi Bagean


                                                                            Dheskripsi Manfaat

                         Katrangan:
                            Dhefinisi umum/ idhentifikasi yaiku perangan utawa bagean sing
                             nerangake titikan (ciri-ciri), barang, tandha, lan sapanunggalane.
                            Dheskripsi  bagean/  klasifikasi  yaiku    perangan  sing  mantha-
                             mantha  manut  jinis  utawa  klompoke,  utawa  perangan  sing
                             nerangake gegambaran sing luwih rinci.


                   Kirtya Basa IX                                                        5
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11