Page 38 - BAHAN AJAR FLIPBOOK
P. 38
Joko Gentong sing wis nandhang lara lan sangsara anggone nglakoni lelakon iki,
mampir ing sawijining papan kanggo semedi, ing semedi kasebut kacritakake yen awake
Joko Genthong maleh dadi kuru, angel kanggo obah amarga wis ora duwe tenaga.
Nom-noman sing biyen dikagumi wis ora katon kaya biyen, mung meneng wae, mung
kolo-kolo tangan lan sikile obah-obah kaya cacing. Weruh tangan lan sikile Joko Genthong
obah-obah kaya cacing, para pandhereke bocah wadon mau banjur kandha, “wong kok
kaya cacing” lan anehe awake Joko Genthong saya cilik dadi cacing sing banjur pindhah
menyang sumber banyu banjur ilang.
Mula wong loro mau padha ngerti nasibe Joko Genthong lan matur marang cah
wadon yen sumber banyu kasebut jenenge Kali Cacing kanthi pangarep-arep mbesuk
sumber saka iku bisa migunani kanggo wong akeh. Amarga kesel, akhire diputusake adus
sakdurunge nerusake perjalanan mulih.
Kedadean aneh liyane sawise adus, bocah wadon katon luwih ayu, seger lan wis
pulih kekuwatane awak, ananging pangiring e dadi kuru, mung kari kulit lan balung, kabeh
iku minangka akibat saka wangsulane Joko Genthong amarga dikutuk dadi cacing lan
maneh pangiring nyumbari, "Kali cacing mung bakal metu banyune ing mangsa ketiga".
Sakwise ngomong ngono, wong loro mau banjur mulih kanthi rasa sing beda-beda, bocah
wadon mau bungah lan pangiring e sedhih.
Pungkasaning crita kabukten nganti saiki milining kali cacing mung kenceng nalika
mangsa ketiga lan sumbere iki digunakake dening warga kanggo ngombe banyu lan kanggo
kawigaten uwong okeh. Wilayah kasebut banjur dadi desa sing makmur lan diwenehi
jeneng Desa Kali Genthong (Kecamatan Ampel).
37 | S M P K E L A S V I I