Page 34 - BAHAN AJAR FLIPBOOK
P. 34
Sawise tekan ing omahe eyange, Sabanjure terus lungguh bebarengan ing
pendhapa ngrembug bah kahanan paceklik lan ketiga kang dawa uga kawula kang padha
kaliren ing Kademangan Catursari . Raden Bagus Kencana cerita menawa ing kayangan Si
Pendhok ana telaga kang banyune kimplah-kimplah. Dheweke nampa dhawuh saka gurune,
Begawan Abiyasa, supaya bisa ngilekake banyu saka kayangan Si Pendhok menyang
Kademangan Catursari. Sakdurunge srengenge njedhul saka wetan. Raden Bagus Kencana
banjur nyuwun pangestu marang ibu lan eyange.
Kocapa, lakune Raden Bagus Kencana wis tekan ing Kayangan Si Pendhok. Katon
sawijining telaga kang ambane ora mekakat Ian banyune bening banget saengga dasaring
bisa katon. Bagus Kencana banjur matur marang abdine cacah loro iku manawa dheweke
bakal semedi ana kene. Tak jaluk kakang sakloron uga melu nyenyuwun marang Sang
Hyang Widhi supaya kersa ngabulake panyuwun kita kanggo nylametake kawula ing
Kademangan Catursari." Cipta Gareng Ian Cipta Jiyo banjur sarujuk.
Panyuwune Raden Bagus Kencana dikabulake dening Sang Hyang Widhi. Ing
sakjroning semedi kaya keprungu swara, "Bagus Kencana, Panyuwunira sun kabulake.
Banyu arep dikirim liwat ngisor lemah. Mung welingku aja pisan-pisan sirahmu nolah-
noleh." Katon bungah atine Raden Bagus Kencana amarga kang den sedya bisa oleh hasil.
Dheweke lan abdine sakloron banjur gage-gage bali mulih menyang Kademangan
Catursari. lakune Raden Bagus Kencana ora nolahnoieh ngiwa nengen. Dheweke pengin
enggal-enggal tekan ing Kademangan Catursari.
33 | S M P K E L A S V I I