Page 35 - BAHAN AJAR FLIPBOOK
P. 35
Kocapa, lakune Raden Bagus Kencana wis tekan dhukuh Tlatar. Dumadakan krungu
swara gembrudug kaya ana gunung jugrug. Saknalika banjur noleh nyang mburi. Banjur
kaget bareng nyumumpi banyu kang nyembur saka nglemah. Saya suwe banyune saya akeh
arep ngebakijagad. Raden Bagus Kencana katon keduwung atine amarga dheweke noleh
nyang mburi, amarga ing Kayangan Si Pendhok mau wis diweling ora kena noilah-noleh
lakune.
Ya, amarga nolah-noleh iku kang njalari banyu kang dikirim liwat ngisor lemah
banjur njebos ana ing dhukuh Tlatar. Saliyane iku dheweke uga bingung anggone golek
cara supaya bisa nyumpeli umbul Tlatar, karepe ben Tanah Jawa ora dadi segara. Raden
Bagus Kencana banjur bali sowan maneh menyang Kayangan Si Pendhok. Banjur semedi
maneh nyuwun pepadhang saka Sang Hyang Widhi. Sawise semedi pitung dina lawase
banjur nampa wangsit. "Bagus Kencana, umbul ing Tlatar sumpelana nganggo gong kang
digawe saka emas. Wis saiki sira enggal baliya menyang Kademangan Catursari. Banyu
arep ngetutake lakumu." Raden Bagus Kencana banjur enggal-engal ninggalake kayangan
Si Pendhok bali mulih menyang Kademangan Catursari.
Sawise sawetara wektu lumaku, dumadakan keprungu swara gembrudug ing
samburine. Banjur dheweke noleh. Lha· kok ana banyu kang ngetutake lakune Raden Bagus
Kencana. Sabanjure Raden Bagus Kencana terus mlayu banter banget nganti tekan
Kademangan Catursari. Miline banyu kang ngetutake lakune Raden Bagus Kencana mau
banjur dadi kali kang ngliwati Kademangan Catursari. Kali kang anyar iki banjur diarani
kali Buthak, amarga rikala dumadine banyune buthek banget.
34 | S M P K E L A S V I I