Page 33 - BAHAN AJAR FLIPBOOK
P. 33
MULA BUKANE UMBUL TLATAR
Dhek jaman biyen ing Pulo Jawa sisih Tengah ana alas gung liwang-liwung. lng alas
kono kebak wit-witan kang gedhe lan uga dadi papan dununge maneka wama kewan-kewan.
Sapinggire alas kono ana sawijining desa kang arane Kademangan Catursari. Kang nyekel
paprentahan ing kono yaiku Ki Demang Sepuh. Ki Demang Sepuh mrentah kanthi adil lan
wicaksana. Kawula ing Kademangan Catursari tansah urip ayem tentrem.
Ora let suwe Ki Demang Sepuh seda. Paprentahan ing Kademangan Catursari
diganti dening Ki Demang Anom, putrane Ki Demang Sepuh. Ki Demang Anom ora nate
mikirake kawulane. Dheweke mung mikirake kepentingane dhewe. Alas sak isine pisan
digadhekake marang wong-wong manca. Dening wong manca, kabeh wit-witan padha
ditegori Ian kabeh isi-isine alas dikuras nganti entek. Akibate kali-kali ing Kademangan
Catursari dadi garing ora ana banyune. Ing mangsa paceklik kawula ing Kademangan
Catursari ngarep-arep tekane Raden Bagus Kencana, adine Ki Demang Anom seje ibu.
Nanging wektu iki dheweke lagi meguru marang Begawan Abiyasa ing Pertapan Gunung
Pitu.
Kocapa, Raden Bagus Kencana wis tutug anggone sinau. Banjur ngadhep marang
sang begawan. Sang Begawan banjur dhawuh supaya bali menyang negarane, Sang
Bengawan ngandharake manawa negarane lagi nandhang paceklik lan ketrajang ketiga
kang dawa. Ing wanci kang isih esuk Raden Bagus Kencana sida ninggalake papan pagurone
budhal mulih menyang papan kelairane. Dheweke dikancani abdine kang kinasih kang aran
Cipto Gareng lan Cipto Jiyo.
Kocapa, lakune Raden Bagus Kencana wis tekan tapel watese Kademangan
Catursari. Saka kene wis katon lemah kang biyene subur saiki wis malih, wit-wit kang
padha garing ora ana godhonge. Para kawulane katon kuru-kuru kaya mayit urip.
32 | S M P K E L A S V I I