Page 37 - BAHAN AJAR FLIPBOOK
P. 37

KALI CACING


                       Ing jaman biyen ana pawongan enom kang jenenge Joko Genthong. Joko Genthong

                iku urip ana ing sawijining desa. Nalika wis diwasa, dheweke dadi siji-sijine nom-noman

                kang urip ana ing ing desa kasebut. Joko Genthong seneng semedi ing panggonan kang

                sepi sing kerep diarani panggonan kang mbebayani lan angker, nanging Joko Genthong

                nganggep  ora  kaya  mangkono.  Miturut  panemune,  papan  kasebut  kepenak,  aman  lan

                tentrem.  Suwe-suwe  jenenge  Joko  Genthong  saya  misuwur,  Solah  bawane  sing  sopan


                ndadekake dheweke disenengi dening wong akeh.


                       Ing  jaman  biyen  ana  kedadeyan  sing  ora  nyenengake  lan  gawe  kuciwane

                masyarakat. Nom-noman sing manggon ing dhusun Joko Genthong gelut karo wong enom

                liyane  saka  dhusun  tanggane,  wiwitane  regejegan  iku  mung  salah  paham,  nanging


                pungkasane dadi padu. Sawisé perkoro dadi rame, Joko Genthong melu campur tangan

                amarga desane kewalahan nampa serangan saka warga desa liyane lan pranyata dheweke

                bisa menang.


                       Wiwit iku jenenge Joko Genthong  saya kondhang lan dadi omongan wong tuwa,


                kang kepengin ndadekake mantune. Malah akeh uga wong wadon kang teka ing omahe Joko

                Genthong kanthi niyat kepengen dadi bojone (ngunggah-unggahi), nanging ora ana wong

                wadon siji-sijia sing narik kawigatene. Sawijining dina ana bocah wadon kang ngancem

                yen lamarane ora ditampa, wong tuwane bakal meksa lan yen ora kasil, dheweke bakal

                dipateni.



                       Banget kagete wong tuwane Joko Genthong meruhi anake ora ana ing omah, banjur

                digoleki  ing  desa-desa  sakiwa  tengene,  nanging  ora  ana  sing  ngerti  lungane  Joko

                Genthong menyang ngendi.














        36 | S M P   K E L A S   V I I
   32   33   34   35   36   37   38   39   40   41   42