Page 3 - SD Kls 1 Upload.indd
P. 3

a    ter         -a      ter
                           ater-ater










                               KEPALA DINAS PENDIDIKAN
                                  PROVINSI JAWA BARAT





                   Assalamu’alaikum Wr. Wb.
                   Kula miwiti muji syukur dumateng arsanipun Gusti Allah ingkang

            sampun nyukani pinten-pinten rahmat lan hidayahipun kanggé
            kula sedaya. Shalawat lan salam mugia ing atasé Kanjeng Nabi
            Muhammad SAW kaliyan kulawarganipun, para sedérékipun, ugi

            kula lan panjenengan sami ingkang banter kekarepé supados angsal
            safaat saking panjenenganipun.
                   Kalian ngetrapipun Kurikulum 2013 lan adedasar temen-
            tinemené kepéngénan kanggé mulasara lan angremeni Basa lan
            Sastra Cerbon-Dermayu, pramila mekaten Dinas Pendidikan Provinsi

            Jawa Barat cangcut taliwanda anggoné nyusun Buku Murid lan Buku
            Guru mata pelajaran muatan lokal (mulok) Basa lan Sastra Daerah.
            Kula sedaya ngraos bungah amarwatasuta keranten maksad ingkang

            kados mekaten ugi dientosi sanget dumateng para guru basa lan
            sastra. Pancen kawontenané buku Blajar Basa lan Sastra Cerbon-
            Dermayu iku dibutuhaken sanget kanggé uger-uger piwulangan.
                   Sanesé kanggé nyumponi kabutuhanpiwulangan, saleresé
            kaliyan kasusuné buku Blajar Basa lan Sastra Cerbon-Dermayu

            banget wigatiné kanggé nyumponi kabutuhan ndidik budi lan pakarti
            uga netepaken raos sutrisnanipun laré dumateng kabudayan daérah.
            Pramila mekaten buku puniki boten mawon nyumpuni kabutuhan

            kawruh basa lan sastra, nanging ugi nekenaken “pendekatan


                                                 iii
   1   2   3   4   5   6   7   8