Page 6 - SD Kls 1 Upload.indd
P. 6
Komponen-komponen ingkang dikembangaken dumateng
Buku Murid kelawan Buku Guru, didasaraken téng 4 (sekawan) purwaka
keterampilan basa, ingkang nglingkupi: mirengaken (menyimak),
wiraos (berbicara), maos (membaca), kelawan nyerat (menulis), lan
diwulangaken nganggé “Pendekatan Saintifik” lan “Penilaian Autentik”
ingkang didasaraken dumateng “Karakteristik Kurikulum 2013” téng
selebeté proses pengajaran.
Disusuné buku punika, ngrupiaken tindak lanjut saking;
Surat Edaran Kepala Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Barat,
Nomor: 423/2372/SETDISDUK, Tanggal 26 Maret 2013, perkawis:
Pembelajaran Muatan Lokal Bahasa dan Sastra Daerah pada jenjang
SD/MI – SMP/MTs – SMA/MA/SMK/MAK, sareng Peraturan Gubernur
Jawa Barat, No. 69/ Tahun 2013, perkawis: Piwulang Muatan Lokal
Bahasa dan Sastra Daerah, pada Jenjang Pendidikan Dasar dan
Menengah.
Mugia buku punika saged mbakta mupangat dumateng sederek
sedaya lan saged didadosaken margi kanggé nempataken penataan
Bahasa lan Sastra Daerah (Cirebon) lintang Pendidikan Formal téng
Jawa Barat umumé lan téng Cirebon khususé.
Buku punika masih katah kekirangan lan déréng sampurna, lan
badé teras didangdosi malih supados saged pas sinareng ngembangé
jaman.
Bandung, April 2015
Kepala Balai Pengembangan
Bahasa Daerah dan Kesenian
Drs. H. Husen R. Hasan, M.Pd.
Pembina Tingkat I
NIP. 196110051986031014
vi