Page 7 - SD Kls 1 Upload.indd
P. 7
purw ak a
purwaka
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Puji klawan syukur dumateng Gusti Allah ingkang Maha Suci
lan Maha Agung, ingkang nyukani sedaya rahmat lan barokahipun
kanggé kula sedaya, Tim Panyerat Buku Blajar Basa lan Sastra
Cerbon-Dermayu. Klawan rahmat lan barokahipun, Tim Panyerat
Buku saged ngrampungaken buku puniki, buku kanggé murid-murid
SD/MI, SMP/MTs, lan SMA/MA/SMK.
Tim Panyerat maturaken kesuwun sanget dumateng para
pengageng, budayawan, lan tokoh masyarakat ingkang nyukani
dorongan sumanget supados buku puniki saged rampung lan saged
diwulangaken téng sekolah/madrasah. Tim Panyerat mung saged
maturaken kesuwun sanget dumateng:
1) Mama H. Asep Hilman minangka Kepala Dinas Pendidikan
Provinsi Jawa Barat;
2) Mama H. Husen R. Hasan minangka Kepala Balai Pengembangan
Bahasa Daerah dan Kesenian (BPBDK) Dinas Pendidikan Provinsi
Jawa Barat;
3) Mama Nurdin M. Noer minangka Ketua Lembaga Basa lan Sastra
Cerbon (LBSC);
4) Mama Kusnadi Muamarto minangka tokoh masyarakat
pendidikan;
5) Mama Khusnan Adisantika minangka Pengawas Sekolah;
6) Mimi Sri Murtiani minangka Pengawas Sekolah; ugi para tokoh
sanésé ingkang boten saged kasebut setunggil-setunggil ingkang
sampun nyukani kawruhan basa lan sastra Cerbon-Dermayu.
vii