Page 5 - SD Kls 1 Upload.indd
P. 5
ater-ater
a ter -a ter
KEPALA BALAI
PENGEMBANGAN BAHASA DAERAH DAN KESENIAN
DINAS PENDIDIKAN PROVINSI JAWA BARAT
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kurikulum 2013, secara nasional mulai saniki sampun dianggé,
keranten puniku piwulang Basa lan Sastra Daerah ingkang sampun
didadosaken muatan local téng Jawa Barat kedah pas sareng Kurikulum
2013, khususé ingkang wonten kaitané sareng kasusastran.
Bagian-bagian perubihan ingkang dados karakteristik utawi téng
selebeté Kurikulum 2013, antawisipun: Standar Kompetensi Lulusan,
Standar Isi, Standar Prosés, lan Standar Penilaian. Pokok-pokok
punika kedah saged dikuasai lan dilaksanakaken sedaya dumateng
guru-guru Bahasa lan Sastra Daerah téng SD/MI, SMP/MTs, SMA/
MA/SMK/MAK.
Buku-buku ingkang badé didadosaken bahan ajar inggih punika
buku Blajar Basa lan Sastra Cerbon-Dermayu. Sedantené wonten 24
jilid, inggih punika Buku Murid 12 jilid, lan Buku Guru 12 jilid, ingkang
ngrupiaken Buku Induk sekolah-sekolah téng wilayah Cerbon lan
Indramayuh.
Buku Murid disediakaken kanggé sedanten murid ingkang
didasari tingkatan kelas. Isi buku wau perkawis bahan ajar sareng
pitakénan-pitakénan, latian tugas ingkang caket kaitané sareng
Kompetensi Dasar (KD).
Isi Buku Guru perkawis: Silabus, Metodelogi Pengajaran, sareng
Evaluasi ingkang ngrupiaken pelengkap buku murid.
v