Page 8 - SD Kls 1 Upload.indd
P. 8

Buku puniki kasusun dening Tim Panyerat ingkang ngraos perlu
            wontené buku basa daerah ingkang selaras sareng Kurikulum 2013.                                                    daftar isi
            Téng salebeté wulangan diwontenaken pinten-pinten piwulangan,

            ingkang utaminé wonten kawruh basa, paramasastra, kasusastran,
            bausastra, lan bagian-bagian kabudayan sanésé.  Téng salebeté
            piwulangan ugi dianjuraken supados saged ngetrapaken sekawan
            trampilipun bebasan, inggih punika wiraos, mirengaken, maos, lan

            nyerat. Sanésé, ugi supados diselarasken sareng konsép piwulangan
            saintifik.
                  Tim Panyerat ngakui, buku puniki maksih tebih saking
            kasampurnan. Pramila mekaten, saran lan pandengan para guru,

            budayawan, tokoh masyarakat, lan masyarakat sanésé saged
            nyempurnakaken buku puniki.Sedaya kakirangan téng isi buku puniki
            ngrupiaken perkawis ingkang kedah dilurusaken lan dileresaken téng
            mangsa ingkang badé dugi.

                  Mugia wontené buku puniki saged nambih kawruh basa lan
            kabudayan ingkang nggadahi tujuan saged ningkataken budi pakarti,
            kawruh basa lan budaya, lan trampil ngetrapaken basa lan sastra
            Cerbon-Dermayu.

                  Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


                  Tim Panyerat Buku

























                                                 viii
   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13