Page 13 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 4)
P. 13

Merga picak...ya mesthi wae matane kari siji. Bener ta...
                  Arya    :  Ya, salah Nif. Kebo picak kuwi...kebo, sapi, karo cecak.
                  Hanif  :  Hehehe... ngerti aku. Ya enem lek ngono.

                  Arya    :  Nah...bener kuwi. Ayo genten kowe Nif sing mbadheki.
                  Hanif  :  Ok...  tamu  kok  mung  disuguhi  opak  angin          .  Apa
                  Arya    :  badhekane?
                  Hanif  :  Gampang kuwi. Opak angin rak sing digoreng wedhi kae.
                  Arya    :  Hahaha...salah...
                            Aku ngerti kok. Disuguhi opak angin tegese ora disuguhi
                  Hanif  :  Apa-apa. Iya ta?
                  Arya    :  Wah, pinter kowe Arya. Saiki giliranmu!
                  Hanif  :  Sega sakepel dirubung tinggi     apa?
                  Arya    :  Gampang ... badhekane salak     ta...
                  Hanif   :  Pinter-pinter...
                  Ibu     :  Adhuh...seru banget olehe dolanan cangkriman.
                  Arya    :  Inggih  Bu,  minggu  ngajeng  badhe  ulangan  bab
                            cangkriman.

                  Arya    :  Kersanipun gampil apal Bu...mboten kraos dolanan kalih
                            sinau.
                  Ibu     :  Pancen bocah pinter kok. Wis kae ibu nggoreng gedhang.
                          :  Mumpung isih anget, ndang dimaem
                  Hanif  :  Inggih, bu.
                  Arya   :  Matur nuwun Bu...



                                               Pasinaon 3

                                     Makarya Mandhiri: Njangkepi
                                                Cangkriman


                        Ing  pasinaon  2  bocah-bocah  wis  sinau  akeh  banget  bab
                  cangkriman.  Wis    makarya  bebarengan  karo  kanca-kancane,  uga
                  maragakake  pacelathon  sing  isine  cangkriman.  Sabanjure    ayo
                  sinau kanthi mandhiri.



                  kaca 75                                                  Tantri Basa kelas 6
   8   9   10   11   12   13   14   15   16