Page 12 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 4)
P. 12

Bedheken cangkriman sing sinawung ing tembang ana ngisor
                      iki bebarengan karo klompokmu!

                      1. Bapak pucung endi elor endi kidul,
                         Laku tapa brata,
                         Mung kepingin bisa malih,
                         Dadi kupu si pucung wedaring tapa.
                         Badhekane: .....................................................................


                      2.  Bapak pucung amung sirah lawan gembung,
                          Padha kinunjara,
                          Mati sajroning ngaurip,
                          Mijil baka si pucung dadi dahana.
                          Bedhekane: ....................................................................



                    Gladhen 2:  Nggunakake Cangkriman

                        Ing  ngarep  bocah-bocah  wis  sinau  bab  isine  cangkriman.
                  Satemene  gampang  lho  ngapalne  cangkriman  iku.  Sing  penting
                  kudu sering digunakake utawa diucapake. Apa maneh yen dianggo
                  dolanan karo kanca-kancamu saben dina, mesthi gampang bisa lan

                  apal.
                        Ora mung ngerti lan apal, kepara mengko bocah-bocah bakal
                  bisa gawe dhewe cangkriman anyar sing luwih apik lan cocog karo
                  jamane saiki. Sing penting gelem sinau, blajar, mesthi bakal bisa.
                        Supaya luwih gamblang bab cangkriman, ayo semaken, banjur
                  paragakna sawijining teks pacelaton sing isine cangkriman kaya ing
                  ngisor iki! Paragakna bebarengan karo klompokmu!
                  Arya    :  Nif, ayo bedhek-bedhekan.
                  Hanif  :  Ayo,  karo  ngapalne  cangkriman  ya...dhawuhe  Bu  Guru
                            minggu ngarep ulangan bab cangkriman.
                  Arya    :  Aku dhisik ya...

                  Hanif  :  Iya, wis.
                  Arya    :  Kebo picak  matane pira hayo?
                  Hanif  :  Halah ya gampang. Lek ora picak kebo iku matane loro.


                  Tantri Basa kelas 6                                              kaca 74
   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16