Page 7 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 4)
P. 7

Gladhen 1: Mangsuli Pitakon Bab Globalisasi



                  Wangsulana  pitakon  ing  ngisor  iki  adhedhasar  wacan  ing
                  ngarep!
                  1.  Apa tegese globalisasi? Coba jlentrehna!
                  2.  Apa sing nyebabake pawarta saindenging jagad raya iki cepet
                      banget sumebare?
                  3.  Apa pengaruhe globalisasi tumrap seni lan budaya bangsa?
                  4.  Sapa  sing  kudu  nglestarekake  lan  ngrembakakake  kabudayan
                      Indonesia?
                  5.  Apa  sing  kudu  ditindakake  supaya  bangsa  Indonesia  ora
                      kelangan jati dhirine?

                     Gladhen 2: Mengerteni  Bab Cangkriman



                  A.  Wacanen sing tliti!
                        Arya  durung  gelem  leren  anggone  ndeleng  TV,  najan  wektu
                  wis  nuduhake  jam  sanga  bengi.  Ibune  bola-bali  ndhawuhi  supaya
                  Arya leren olehe ndeleng TV. Arya kudu nerusake olehe sinau lan
                  nata buku, supaya sesuk ora ana buku sing keri kaya adate.
                        Karo  rada  mbesengut,  Arya  mateni  TV  banjur  mlebu  kamar.
                  Sadurunge  mlebu  kamar,  dheweke  sing  kober  nyaut  HPne
                  mbakyune  sing  gemlethak  ana  meja  cedhak  lawang  kamare.  Ora
                  sinau lan nata buku, Arya malah mbukak game         ana HP. Ora krasa

                  olehe dolanan nganti bengi. Pungkasane Arya malah keturon.
                        Tangine kawanen, sawise bola-bali ibune nimbali saka pawon.
                  Arya  age-age  mlayu  adus,  banjur  budhal  sekolah.  Ora  kober
                  sarapan amarga wis kawanen.
                        Tekan  sekolahan  wis  sepi.  Lawang  kelase  wis  ditutup.    Karo
                  rada  keweden,  Arya  ndhodhog  lawang  lan  uluk  salam.  Bu  Yuni
                  banjur mbukak lawang lan ngutus Arya mlebu kelas. Arya isin lan
                  bingung  banget  nalika  kanca-kancane  padha  ngguyu  kemekelen.
                  Apa  maneh  kancane  sing  jenenge  Bintang  banjur  alok  banter.


                  kaca 69                                                  Tantri Basa kelas 6
   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12