Page 4 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 4)
P. 4

Ukara pitakonku:
                     .................................................................................................

                    ................................................................................................
                    Wangsulane kancaku:

                     .................................................................................................
                     ................................................................................................

                  Wacanen sing tliti!
                                               Globalisasi


                         Saiki  jamane  wis  maju.  Samubarang  gawe  wis  nggunakake
                  piranti sing sarwa  modheren. Kabeh  ngarani iki jaman globalisasi.
                  Yen  jaman  biyen,  kenthongan  digunakake  kanggo  tandha  anane
                  bebaya,  umpamane titir terus-terusan tandhane ana banjir gedhe.
                  Mula para warga kudu enggal metu  saka omah lan  ngungsi golek
                  papan  sing  aman.  Saiki  kenthongan  mau  wis  diganti  nganggo
                  piranti canggih kaya dene sirine sing otomatis bakal muni menawa
                  ana  banjir  utawa  tsunami.  Semono  uga  menawa  ana  gunung

                  mbledhos, angin gedhe, lan liya-liyane.
                         Nalika  ana  dulur  adoh  sing  arep  kirim  kabar,  ora  kudu
                  ngenteni surat sing tekane bisa pirang-pirang dina. Cukup nganggo
                  telepon utawa handphone     , sakala kabar mau wis bisa teka marang
                  wong sing dituju.
                         Perusahaan    sing  duwe  cabang  ing  ngendi-endi,  upamane
                  nganti ana manca negara, bisa nganakake rapat bebarengan tanpa
                  kudu padha lungguh sapejagong      . Ngono mau adate wong sing lagi
                  rapat. Saiki patemone wong sing beda panggonan, bisa kaleksanan
                  kanthi  sarana  teknologi  canggih.  Ya  patemon  ngono  kuwi        sing

                                          .
                  diarani teleconference Ana kene digunakake audio conference lan
                  video conference Yen audio conference mung nggunakake swara,
                                    .

                  nanging  video  conference   ,  saliyane  krungu  swarane,  uga  bisa
                  ndeleng gambare wong sing lagi padha melu rapat.
                         Biyen  wong  dol-tinuku  iku  kudu  ana  pasar,  toko,  utawa
                  panggonan  saemper  liyane.  Saiki  ana  pasar  modheren  sing
                  nggunakake majune teknologi. Umpamane: dodolan sarana online.
                  Olehe nawakake barang cukup nganggo internet. Semono uga sing

                  Tantri Basa kelas 6                                              kaca 66
   1   2   3   4   5   6   7   8   9