Page 5 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 4)
P. 5

tuku,  ora  usah  mara  nanging  uga  cukup  nganggo  internet,

                  telephon,  WhatsApp, sms,  lan  liya-liyane.  Kabeh  dadi  sarwa
                  gampang,  cepet,  lan  kepara  malah  bisa  luwih  murah  regane.

                  Kanyatan kuwi mau kang bisa diweruhi ing era globalisasi saiki.


                         Banjur,  apa  satemene  globalisasi iku?  Globalisasi asal  saka
                  tembung  “globe”,  „bola  dunia‟  banjur  dadi  global,  sing  tegese
                  mendunia  .  Salah    sijine  ahli    kang  asma  Kenichi  Ohmae
                  mratelakake  menawa  globalisasi  iku  bisa  digambarake  menawa
                  donya iki tanpa wates, amarga saka majune ilmu pengetahuan lan
                  teknologi, mligine teknologi informasi.
                        Globalisasi  bisa ditengeri saka:
                  1)  Tipise  wates  antar  negara,  tegese  kedadean  ing  sawijining
                      negara  gampang  banget  diweruhi  dening  wong  ing  negara
                      liyane.  Kanggo  nyumurupi  kadadean  ing  sawijining  negara,
                      wong  ora  perlu  lunga  menyang  negara  kasebut.  Kanthi
                      mangkono,  kaya-kaya  negara-negara  sadonya  dadi  siji  tanpa
                      wewatesan.

                  2)  Pawarta saindenging jagad, cepet banget sumebare. Iki kabeh
                      saka  tansaya  canggihe  sistem  komunikasi  kaya  dene  TV,  HP,
                      internet, lan liya-liyane.
                  3)  Saya  majune  dol-tinuku  utawa  perdagangan antarane  negara

                      siji lan sijine.
                        Globalisasi  gedhe  banget  pangaribawane  tumrap  sawijining
                  negara.  Ana  dhampak  sing  positip  (apik,  nguntungake),  nanging
                  uga ana sing negatip (ala, ngrugekake, nggawa kapitunan).
                  Dhampak positif globalisasi, yaiku:
                  1)  Masyarakat tansaya maju,

                  2)  Tekade wong kanggo nyambut gawe tansaya gedhe,
                  3)  Komunikasi tansaya gampang, amarga kabukake ruwang sosial,
                  4)  Anane pasar global,
                  5)  Mlebune  kabudayan  asing  sing  bisa  nyengkuyung  budaya
                      nasional.
                         Globalisasi  pancen  akeh  mupangate  (dampak  positif)
                  nanging uga bisa ndadekake masalah (dampak negatif).
                  Dhampak negatip globalisasi, yaiku:
                  1)  Negara sing maju nduweni kuwasa sing luwih gedhe,


                  kaca 67                                                  Tantri Basa kelas 6
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10