Page 2 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 4)
P. 2

Mbabar Wawasan


                         Sawise  sinau  wulangan  4  iki,  kaajab  bocah-bocah  bisa:
                  ngarani pangertene cangkriman, njlentrehake  titikane cangkriman,
                  lan  bisa  mbatang  isine  cangkriman.  Sabanjure,  bocah-bocah  uga
                  kaajab  bisa  gawe  utawa  nulis  cangkriman,  sarta  nggunakake
                  cangkriman mau kanggo badhekan karo kanca-kancane.

                  Lagokna tembang ing ngisor iki bebarengan karo kancamu!













                                   Sumber:http://nurdwi-rizkiana.blogspot.sg
                         Bapak pucung buntut dawa sirah gembung,
                         Mbanterake swara,
                         Lamun urip nganggo listrik,
                         Munggah panggung saben ana adicara.




                  Sawise nembang bebarengan, coba wangsulana pitakon ing
                  ngisor iki!
                      1.  Tembang ing dhuwur diarani tembang apa?
                      2.  Isine tembang ing dhuwur satemene mujudake cangkriman.
                         Apa batangane?
                      3.  Coba goleka tembang liyane sing uga ngandhut cangkriman.
                         Rembugen karo klompokmu!


                  Tantri Basa kelas 6                                              kaca 64
   1   2   3   4   5   6   7