Page 6 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 4)
P. 6

2)  Nuwuhake sipat konsumtip lan boros,
                  3)  Barang  gaweane  luwar  negri  bisa  ngalahake  barang  gaweane
                      jrone negri,

                  4)  Lunture rasa nasionalisme,
                  5)  Lapangan kerja tansaya sethithik amarga indhustri nggunakake
                      mesin modheren,
                  6)  Rusake lingkungan,
                  7)  Lunture kabudayan lan nilai-nilai luhur bangsa, uga
                  8)  Lunture sipat kakulawargan lan gotong royong.

                        Mula saka iku, bocah-bocah kabeh,  sing ing tembe bakal dadi
                  saka  gurune  bangsa,  kudu  bisa  nyaring  pangaribawa  saka  manca
                  negara mau. Pamrihe supaya bangsa Indonesia mbesuke ora bakal
                  kelangan  jati  dhiri Ora  kelangan  budaya  kang  nyata  adiluhung.
                                      .
                  Kepara malah kudu bisa mbudidaya amrih lestari lan ngrembakane
                  budaya  bangsa.  Salah  sijine  yaiku  budaya  Jawa  sing  nyata
                  adiluhung, kang awujud cangkriman.

                        Wong  Jawa  iku  sugih  banget  unen-unen  sing  kasebut
                  cangkriman. Tuladhane: pitik walik saba kebon      (batangane: nanas),
                  dikethok  malah  mundhak  dhuwur  (batangane:  clana),  lan
                  sapanunggalane.


                       Bausastra:

                       samubarang gawe= sakrenane penggawean
                       piranti              = alat, sarana, prangkat
                       bebaya               = bahaya, bencana
                       titir                = wiramane kenthong sing  dithuthuki terus

                       enggal-enggal      = age-age, cepet-cepet „segera    ‟
                       tsunami              = gelombang pasang sing gedhe
                       panggonan         = tlatah, tempat
                       dol tinuku           = dedagangan, jual beli
                       mratelakake         = nerangake, ngandharake
                       nyumurupi         = mangerteni, meruhi
                       pawarta              = informasi, berita
                       mupangate         = manfaate, gunane




                  Tantri Basa kelas 6                                              kaca 68
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11