Page 11 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 4)
P. 11

No.              Cangkriman                       Badhekane

                        1    Bosok malah enak                      ................................
                        2    Mboke dilus-elus anake diidak-        ................................
                             idak
                        3    Emboke wuda anake tapihan             ................................
                        4    Kayu mati ginubet ula mati            ................................
                        5    Pitik walik saba kebon                ................................
                        6    Tibane ngisor, digoleki ndhuwur       ................................
                        7    Wit adhikih woh adhakah               ................................
                        8    Dikethok malah mundhak dhuwur  ................................

                        9    Dilebokne malah metu                  ................................
                       10  Bocor malah kebak                       ................................

                  3.  Cangkriman sing wujude plesetan
                      Tuladhane:
                      a. Wong wudunen iku sugih pari. Pari apa? Paringisan.
                      b. Ana gajah numpak becak, ketok apane? Ketok mbujuke.


                      Bedheken  cangkriman  sing  wujude  plesetan ing  ngisor  iki
                      bebarengan karo klompokmu!

                      No.              Cangkriman                       Badhekane
                        1    Ana tulisan arab, macane saka         ................................
                             ngendi?

                        2    Wong adol krambil dikepruki.          ................................
                        3    Lawa lima kalong telu dadi pira?      ................................
                        4    Urang sapikul matane pira?            ................................
                        5    Sing endhek didhudhuk, sing           ................................
                             dhuwur diurug

                  4.  Cangkriman sing sinawung ing tembang
                      Tuladhane:
                      Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
                      Dawa kaya ula,

                      Pencokanmu wesi miring,
                      Yen lumaku si pucung ngumbar swara.

                      Badhekane: sepur
                  kaca 73                                                  Tantri Basa kelas 6
   6   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16