Page 9 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 4)
P. 9

3.  cangkriman sing wujude plesetan, lan
                         4.  cangkriman sing sinawung ing tembang.


                  C.  Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
                      1. Apa cangkriman kuwi?
                         ....................................................................................

                      2. Apa titikane cangkriman?
                         ....................................................................................

                      3. Jinise cangkriman kuwi ana pira? Coba aranana!
                         ....................................................................................

                      4. Tulisen tuladane cangkriman manut jinise!
                         ....................................................................................



                                               Pasinaon 2:

                                     Ayo Makarya Bebarengan


                         Bocah-bocah,  ing  pasinaon  2  iki  ayo  padha  sinau  bab  isine
                  cangkriman.  Supaya  luwih  gampang  lan  nyenengake  olehe  sinau,
                  mula lakonana bebarengan karo klompokmu!

                     Gladhen 1 : Nyumurupi Isine Cangkriman



                  Semaken  andharan  ing  ngisor  iki,  banjur  tindakna  manut
                  prentahe!

                  1.  Cangkriman sing wujude wancahan (cekakan)
                      Tuladhane:
                      a. Wiwa  wite,  lesmba  dhonge,  karwa  pake,  batangane  uwi

                          dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake.


                  kaca 71                                                  Tantri Basa kelas 6
   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14