Page 8 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 4)
P. 8

“Arya...kowe lali ora nggawa sega sakepel dirubung tinggi      ya? Trus
                  piye iki? Sida batal olehe arep praktik gawe manisan.”
                        Arya sing kadhung bingung tansaya  bingung. Ora  ngerti apa

                  karepe  Bintang.  Dheweke  banjur  semaur,”  Ngapa  kok  segane
                  dirubung  tinggi?”  Krungu  sumaure  Arya,  bocah  sakelas  ora  bisa
                  ngempet olehe ngguyu, nganti kepingkel-pingkel.
                        Bu  Yuni  mula  banjur  ngutus  bocah-bocah  supaya  meneng
                  amarga  mesakake  mirsani  Arya  sing  telat  lan  digawe  bingung
                  kanca-kancane.
                        Arya nembe kelingan,  dina iki ana  pelajaran basa Jawa. Sing
                  disinaoni  bab  cangkriman.  Yen  eling  kedadeyan  kuwi,  Arya  malih
                  kudu  ngguyu.  Wiwit  dina  iku  dheweke  ora  tau  ndelok  TV  lan
                  dolanan nganti bengi. Arya ora kepingin kisinan maneh.
                        Arya  banjur  kelingan  nalika  ndherek  ibu  lan  bapak  sowan
                  daleme simbah, menyang Tulungagung. Simbah sing pancen wasis
                  nembang, banjur muruki Arya nembang. Ngene tembange:
                         Nyata kowe wasis-sis

                         Batangen sing gelis, lis lis lis
                         Cangkriman telu iki
                         Pitik ndhase telu , batangane apa
                         Jangkrik sungut slawe  , batangane apa
                         Bapak demang klambi abang      , bang bang bang
                         Disuduk manthuk manthuk      .

                         Dhawuhe simbah isine tembang iku uga cangkriman. “Wah...
                  ngerti aku saiki....”, ngono guneme Arya.


                  Bocah-bocah, apa cangkriman iku? Ayo bebarengan padha
                  nyemak piwulang ing ngisor iki!

                  B.  Mangerteni Cangkriman
                         Cangkriman  yaiku  unen-unen  sing  kudu  dibedhek  utawa
                  dibatang  maksude.  Mula  saka  iku,  cangkriman  uga  diarani
                  bedhekan utawa batangan. Cangkriman iku wujude ana 4, yaiku:
                         1.  cangkriman sing wujude wancahan (cekakan),
                         2.  cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban),


                  Tantri Basa kelas 6                                              kaca 70
   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13