Page 30 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 30

Tuladha Crita Rakyat Boyolali







                                 MULA BUKANE KUTHA BOYOLALI


                       Ki Ageng Pandanarang iku sawijining Bupati Semarang kang sugih bandha donya.

                Amarga kasinungan bandha iku ndadekake dheweke dadi sombong lan lali ngibadhah. Para

                wali mangerteni kahanan kasebut dadi cuwa atine. Sabanjure para wali ngutus Kanjeng


                Sunan Kalijaga supaya ngelingake tindake Ki Ageng Pandanarang kang wis nalingsir karo

                bebener.


                                                                                 Kanjeng      Sunan     Kalijaga

                                                                          banjur     ngupaya     supaya     bisa

                                                                          ngelingake     tindake    Ki    Ageng

                                                                          Pandanarang.  Kang  kapisan,  dadi

                                                                          bakul  suket.  Suket  banjur  dituku

                                                                          dening  Ki  Ageng  Pandanarang


                                                                          kanthi rega kang murah banget. Ki

                                                                          Ageng  Pandanarang  kaget  bareng

                                                                          nyumurupi ing bongkokan suket mau

                ana keris  kang endah  pamore  kagawe  saka emas.  Nanging,  Ki Ageng  Pandanarang ora

                ngerti menawa pacoban saka para wali.


                       Sawijining  dina,  Ki  Ageng  Pandanarang  nganakake  syukuran  kembul  bujana


                andrawina amarga wis kasil anggone mbangun kraton. Kanjeng Sunan Kalijaga uga rawuh

                nanging kanthi  namur dadi  kawula cilik.  Ki Ageng Pandanarang  ora ngerti,  mung ngira

                menawa  ana  wong  kang  melu  mangari  wae.  Kanjeng  Sunan  Kalijaga  banjur  metu  saka

                pendhapa,  salin  panganggo  kang  sarwo  endah  banjur  bali  menyang  papan  pahargyan

                maneh.








        29 | S M P   K E L A S   V I I
   25   26   27   28   29   30   31   32   33   34   35