Page 31 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 31
Kanjeng Sunan Kalijaga banjur ngendika menawa kraton Kadipaten Semarang
pancen katon endah, nanging kuciwane kaendahan kasebut nyebabake wong dadi lali
marang kewjibane. Ki Ageng Pandanarang ora ngrumangsani menawa sejatine
pangandikane Sunan Kalijaga mau katujokake kanggo ngelingake lakune Ki Ageng
Pandanarang kang wis adoh saka bebener.
Sunan Kalijaga banjur namur dadi wong ngemis. Nganggo sandhangan pating sruwal
banjur menyang Kadipaten Semarang. Ing wektu iku Ki Ageng Pandanarang lagi mbeneri
ngitung dhuwit ing pendhapa. Ngerti ana kere teka, Ki Ageng banjur menehi dhuwit
marang wong kuwi, nanging wong ngemis iku ora gelem nampa. Wong iku njaluk swara
bedhug ing Masjid Semarang. Ki Ageng Pandanarang arep nesu, nanging nalika nyumerepi
menawa lemah iku banjur malih dadi emas. Ki Ageng Pandanarang banjur ngrumangsani
kckurangane. Saiki lagi eling menawa sawetara wektu iki nampa ujian liwat pralambang-
pralambang.
Sunan Kalijaga banget rena penggalihe amarga kasil ngelingake Ki Ageng
Pandanarang. Ki Ageng Pandanarang bakal ditampa dening Sunan Kalijaga dadi muride
kanthi syarat, Ki Ageng sregep ngibadah, gawe langgar kang ana bedhuge, ngopeni para
santri Ian nyiarake agama Islam ing Kadipaten Semarang. Kang ping pindho, Ki Ageng
kudu gelem mbayar Zakat, lan genep kaping telune, Ki Ageng kudu gelem ninggalake
Kadipaten Semarang Ian pindhah menyang Jabalkat.
Ing sakedheping mata wong ngemis iku wis ora katon saka paningale Ki Ageng
Pandanarang. Kari Ki Ageng Pandanarang lenggah ijen ing pendhapa sinambi menggalih
lelakon kang lagi wae kedaden. Rasane aku kok kepengin enggal-enggal tumuju menyang
Jabalkat, maguru marang dheweke. Nyi Ageng Kaliwungu uga pengin ndherek menyang
Jabalkat karo ngajak putra ragile kang aran Pangeran Jiwa. Ki Ageng Pandanarang
marengake keng garwa ndherek menyang Jabalkat waton ora nggawa bandha donya.
Dheweke ninggal Kadipaten Semarang tumuju marang Jabalkat tanpa rowing siji-sijia.
30 | S M P K E L A S V I I